TANGGAP WARSA ENGGAL
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2888026968143088&id=1684548218490975
Pinuji puji Gusti sih rahmatnya gung yekti
salebeting warsa lami kita tansah den rimati,
nadyan tinempuh pageblug nanging tansah manteping ati,
wit kinanthi ing Gusti temahan tansah basuki
Linuhurna Hyang Makwasa kang langgeng katresnannya,
ing warsa enggal puniki nggih mesthi tansah mberkahi,
mung karaharjan sanyata ngirid lampah kita,
mila tan kendhat muji lan setya-tuhu mring Gusti.
Kita nilarken warsa lami wit kang enggal sampun prapti,
anapaki mlebet ing warsa enggal puniki,
samya silih andongakna mrih mulya gesangira,
tansah winengku dening Gusti Kang Ma'kwasa.
*Sugeng tanggap WARSA ENGGAL 2021!*🙇♂
JM, lingsir️ wengi, 10121
dening eNPe
https://sehen.site/id/f-n2?f=eNPe
Komentar
Posting Komentar