GURIT PAMUJI SOKUR

  kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2905252766420508&id=1684548218490975

Manuk pipit cilik kinasih dening Gusti..,

bakung ing ara-ara kadunungan endah ing warni..,

luwih-luwih awakku rumuntuhan sihing Gusti..,

datan kendhat muji sokur wus samesthi.


Saliring sato galak gedhe cilik samya kekancan..,

urip rukun ring-iringan gegojekan..,

Siji miber siji menclok, siji mencolot siji playon gumbira..,

sijia bae nora ana kang geseh tumraping Sang Pangripta.


Pra umat sadarum aywa giris ing ati..,

sumendhea, angauba mring Gustimu kang angasihi..,

sinung kang kaesthi rahayu kang tinampi..,

kalis saka ing pageblug Covid kang datan keksi.


JM, gagat bangun, 24121

        dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN