SANG PANGON KANG BECIK

  kaunggah uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2909016609377457&id=1684548218490975

Pangon kang becik, nyuling merdu,

nuntun kaangone nurut iline banyu,

ngejarake ngeyup sangisor wit-witan,

ing ara-ara ijo-royoning pasuketan.


Oh sang pangon kang gemati,

swara suling slaras iline tirta kali,

gawe tentrem ayem ing ati,

kaangone marem sami.


Mring kaangone kang ngorong lan angluh,

sang pangon paring banyu ngombe,

rumesep ing ati ngelak lan lungkrah,

sumadhiya banyuning urip kang seger.

 

Jroning ngadhepi kalimputing bebaya,

kita nora giris mring satru samya,

awit Sang Pangon kang jejer Mitra,

Juru Pangayom kita sinung gesang mulya.

 

JM, esuk kekes, 29121

       dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN