PEPESTHEN NGAURIP
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2906400289639089&id=1684548218490975
Mendhung ngembeng banyu udan..,
udan njur kaesokake ing bumi..,
samangsa ambruking wit iku mangidul utawa mangalor..,
ya tetep gumlimpang ing panggonan ambruke.
Urip nora adoh saka ing pepesthen..,
alure jumbuh putere cakra panggilingan..,
Ana wancine ing dhuwur ana uga ing ngisor..,
lir gumantya saliring kang sinedya.
Ana wancine tetunggilan ana uga pepisahan..,
ana kalane gyak ing pakaryan ana kalane angangguran..,
tan kandheg kang dumadi anyar ing tatanan..,
lir gumantya saliring kang sinedya.
JM, sandyakala, 25121
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar