SINGKURI NGUMPUL-NGUMPUL SAWUSE NGEPIT BARENG

    kaemot uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2889515671327551&id=1684548218490975

Ulah-raga kaprayogakake kanggo ambangun kedhoting/wuleding (kebal ind.) badan saka memala sajroning pageblug Covid-19.

Salah sijining jinis ulah-raga sing lagi digandrungi yaiku ngepit/nyepedhah.


Ing warta-warta lan sawernaning kalawarti ora kurang tansah dielingake supaya masarakat tansah anetepi pamrayogane ing babagan kasehatan kang kondhang kaaran 'protokol kesehatan' utamane nalika lagi padha kumpul-kumpul, klebu ngepit diprayogakake sabisa-bisa ngurangi kumpul-kumpul.


Ulah-raga perlu banget kanggo anjaga lan nambahi kedhoting (imunitas) badan.

Nanging emane nalika mlayu-mlayu utawa ngepit bebarengan akeh sing padha kurang ngugemi kepara nglirwakake anggone netepi pamrayogane kesehatan. 

Contone sawuse ngepit kumpul-kumpul 5 tekan 15 wong mbukak panutup irung lan cangkem (masker), ngopi-ngopi lan ngobrol ngalor ngidul. Tumindak kaya ngene iki sing gampang ndadekake nulare memala Covid-19.


Ayo ulah-raga kang sipate entheng lan sedhengan, upayakake nalika ing satengahe karamean supaya 'masker' ora dicopot, tetep dianggo.


Nyopot masker ing tengahing karamean banget mbebayani. Kawuningana dene ora sethithik ulahragawan bal-balan akeh sing ketaman Covid-19 jalaran ulahragane klebu abot lan gawe keseling awak.


Para sutresna PBJ, ing kene minangka panulis ora kok maoni ulah-raga mligine nyepedhah sing lagi digandrungi, nanging (panulis klebu seneng ngepit) mung ngelingake bae, nuwun sewu!. Kanthi ngumpul-ngumpul ora bisa dipesthekake sapa sing nggawa 'virus', pancen kita diparingi sehat nanging mulih-mulih bisa nggawa virus wusanane kulawarga ing ngomah bisa ketularan. Iki sing malah mbebayani kudu dijaga lan disingkuri!

Aja nyoba-nyoba lan nglirwakake panetepan pranatan kasehatan kaaran 3M!


Sumangga! 🙇‍♂️


JM, sirep jalma, 020121

       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN