BANJIR NERJANG KUTHA ING TLATAH PAGUNUNGAN
kaemot uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2899976610281457&id=1684548218490975
Nalika wanci udan/rendheng asring kita keprungu warta ing kutha2 tlatah girilaya/pagunungan bisa ketaman banjir.
Sajroning alam pikiran kita ora bisa diselaki duwe pitakonan 'kok bisa ya ing ngatase dhaerahe dhuwur bisa ketrajang banjir?'
Yen kita onceki lan pigatekake dhaerah-dhaerah nggunung saperangan sing maune dhaerah resepan banyu saikine wus owah dadi tlatah pomahan lan gedhong-gedhong.
Akehing dhaerah pomahan anyar jalaran tambahing warga pendhudhuk sing dituding minangka sumbering bab dadi anceman banjir.
Apa iya mangkono?
Apa iya ana sing kleru anggone ngrancang pembangunan ing dhaerah kutha-kutha gedhe?
Lamun kita gagas lan sawang kanthi permati, jujur bae dene rancangan pamekaran sawijining tlatah akeh kang kurang malah ora salaras karo alam.
Kutha-kutha senadyan ing wilayah girilaya/nggunung kang ora ana kaline gedhe, sing ana kali-kali cilik wus samesthine diupaya lan direksa minangka lestarine ilining banyu udan. Nanging nyatane kita sumurupi ana saperangan akeh kali-kali cilik mau dadi sangsaya ciut. Iku amarga akeh madeg bangunan omah ing sapinggiring kali kang diidini dening pamarentah malah duweni IMB.
Kejaba iku panggonan resepan banyu ing dhaerah punthuk nggunung wit-witan padha gundhul, kalenan kanggo ilen-ilenan banyu kurang kopen malah ing ndhuwure digawe 'trotoar', iku kabeh melu urun ndadekake banjir.
Mula ayo kita samidene melu saiyek sayekti gotong royong ambangun lestarine praja aja mung ngluputake mring liyan, golongan utawa pamarentah. Kita minangka warga negara ya warganing masarakat paling ora anjaga lestarining alam ing sakupenge kita manggon murih bisa nyuda rusaking alam sokur-sokur bisa anyengkuyung bebarengan ambangun praja kanggo lestarine sabangsa.
Sumangga! 🤝👍
JM, gagasanesuk, 17121
dening eNPe
Sedina sawuse tulisan iki kaemot, ana salah sijine kedadean ing kutha Malang, Senen, 18Jan'21 ⤵️
Komentar
Posting Komentar