SINAU ANGAJENI MRING LIYAN

    kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2907728419506276&id=1684548218490975

Saben manungsa wus jamak ora kepingin dianggep remeh, ora mitayani lan kurang pinter. Manungsa biasane ngudi-daya kepriye carane supaya kuwat, wasis, kajen lan misuwur mawa gelem bayar rega kang akeh banget minangka pangurbanane.


Kawuningana dene Gusti Allah sejatine ngersakake kita dadi titah kang andhap asor. Kanugrahane Gusti malah yekti kaparingake mring wong-wong kang tanpa daya, kurang wasis lan uripe sarwa kesrakat. Rasa gumunggung malah mratandhani dene isih ana wong-wong kang ora rumangsa yen kanugrahan iku sanyata binabar jroning uripe.


Biasane rasa kurang pitaya, kurang wasis lan ora kajen tumuju patrap andhap asor iku dumadine ora gampang. Kamangka kadya mangkono iku mujudake tandhane kamanungsan, uga kurang teges lan sarwa cupet jroning dhiri pribadi. Wani jujur angakoni karingkihan, kurang pitaya, elek lan alaning kita iku minangka purwakaning sinau andhap asor.


Kepriyre Carane?

Sepisan, kita sinau jujur lan rumangsa mring karingkihan kita sarta ndonga nyenyuwun pitulungane Gusti.

Kapindho, kita sinau padhadene percaya ing antarane siji lan sijine kawujudake ambage mring wong-wong liya.

Kaping telu, kita sinau carane bisa nampa lan gelem ngrungokake kekurangan lan kaluwihane wong liya datan sulaya lan ngluputake. 


Ayo kita padhadene ngrumangsani lan ngakoni kekurangan lan kaluwihan ing antarane kita dhewe-dhewe, ajen-ingajenan, aywa hamung nggoleki luput lan kekurangane wong liya.


JM, madya raina, 27121

        dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN