ARCAPADA ANAMBUT SUKARENA
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2894797007466084&id=1684548218490975
Mantyanta endahe pletheking wayah esuk,
sang bagaskara miyum ngujiwat katon sumringah,
ocehan peksi sesautan lir gumanti,
sekar arum semerbak angganda wewangi,
pinangkane hamung berkah nugrahaning Gusti Kang Ma Agung.
Ijo royo ing bumi, padhang ing langit,
slaras warna warni kluwung kang elok,
sinawang sengsem, tentrem lan edhum,
arcapada anambut sukarena,
pinangkane hamung berkah nugrahaning Gusti Kang Ma Agung.
JM, wayah esuk, 100121
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar