WANI NGAKONI KALUPUTAN -wani ngalah dhuwur/luhur wekasane-

    kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2777565205855932&id=1684548218490975

Wani ngakoni kaluputan mujudake bab kang angel katindakake. Asring kita ora rumangsa wus tumindak luput, mulane angel ngakoni lan ngotot benere dhewe kang wusanane gawe kapitunane wong akeh.

 

Ngakoni kaluputan iku pancen butuhake tekad gedhe. Upamane ing kampung ana gelut kroyokan iku racake jalaran ora ana sing wani ngakoni kaluputan lan nyadhong pangapuraning liyan, pungkasane ndadekake seling surup antarane siji lan sijine.

Kabeh rumangsa bener dhewe ora ana sing wani ngalah. Mulane ana pitutur 'wani ngalah dhuwur/luhur wekasane' wus ora tau keprungu kadya kang ana ing kekidungan jamane leluhur kita.


Apa kita gelem kanthi rila-legawa wani ngakoni kaluputan? Pangakon iku wujud penampaning dhiri dene kita iki sejatine minangka manungsa tanpa daya lan sering nglakoni kaluputan. Mula saka iku kita uga kudu terus sumendhe nyenyuwun panuntuning Gusti Allah, Pangeran Sumbering Kayekten lumantar Pangandikane kang tinulis ing kitab-kitab suci miturut iman kapracayan kita dhewe-dhewe.

 

Sumangga! mugya tinemu kang sarwa becik, sarwa endah ana ing urip kita. Gusti amberkahi... Amin Amin 🙏🙏

 

JM, bangun esuk, 31820

       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN