KECANCANG PENGALAMAN GAGAL
Ing sapinggire alas ana wong lagi ngulatake sakumpulan gajah dicancang sikile mawa tali cilik. Wong iku gumun ora ana rante lan ora ana kandhang. Ing batin atine, mesthine gajah-gajah iku bisa lan kapan bae mbedhal mlayu, nanging kenapa kok ora dilakoni ya?
Wong iku weruh ana sing nglantih gajah ing cedhak kono njur takon : "Kenapa kewan-kewan gedhe iku mung ngadeg ing kono ora gelem upaya mbedhal mlayu?"
Wangsulane si plantih : "Gajah-gajah iku nalika isih cilik-cilik wis kulina dicancang nganggo tali sing ukurane padha kuwi, ing umur-umuran samono tali iku wus cukup kuwat kanggo nyancang. Bareng sansaya tuwa umure sansaya gedhe awake wus dikulinake ngandel yen ora bakal bisa mberot ucul.
Gajah-gajah iku pracaya dene tali kasebut isih kuwat nyancang, mulane ora nate gelem nyoba mberot kanggo mbebasake". Mangkono katerangane si plantih gajah.
Wong iku gumun ing ngatase kewan gedhe lan rosa ing sawayah-wayah mesthine bisa mberot saka cancangan tali nanging marga kadhung percaya ora gelem nglakoni.
Werdine ing pasemon crita bab gajah mau bisa tinulad dene akeh ing antarane kita kang nglakoni urip gumantung karo apa kang kita yakini dene kita ora bakal bisa mrantasi lelakon utawa gawean hamung marga kita nate gagal sepisan ing sadurunge, iku kang nyancang alam pikir kita ana ing kahanan kang kurang nguntungake.
Kegagalan sejatine mujudake bagean ing pasinaon. Kita prayogane aja mung pasrah bongkokan utawa kentekan akal kanggo anggayuh sedya kang kaesthi.
Sumangga! Kita mesthi bisa!
JM, lingsir wengi, 4820
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar