MARDIKA SAKA ING KORUPSI -mungguhing kamardikan sajati-
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2765138527098600&id=1684548218490975
Bung Karno ngendika, "Pambudidayaku luwih gampang marga nglawan kaum penjajah, nanging pambudidayamu sejatine luwih angel marga nglawan bangsamu dhewe!"
Iku kabukten nganti seprene kita kudu nglawan bangsa dhewe kang isih kadunungan kabodhoan, kamlaratan, ketinggalan jaman, kurang ajen-ingajeni, kurang rasa ing guyub lan kang banget olehe mbebayani yaiku tumindak ngekepi darbeke liyan ya klebu ngunthetake kaskayan (korupsi).
Sawernane kahanan mau isih prelu dibesmi lan terus ambudidaya murih bisa uwal saka tumindak ora prayoga. Ing kene cetha kamardikan isih prelu diupaya terus, pancen abot nanggulangi rerenggan mligine bab korupsi.
Mardika saka ing tumindak Korupsi, mokal apa mokal tenan ya ??...
sumber ilustrasi https://nasional.kompas.com/read/2019/01/17/06000011/8-poin-pemberantasan-korupsi
Aja kendho! Aja nglokro! Semangat pambudidaya (perjuangan) kita sabangsa padha dene duwe tekad bebarengan ambesmi korupsi bisa resik ing negri pertiwi.
Mardika saka korupsi iku jejibahan kang utama, prelu terus ambudidaya kanggo kamakmuran lan mulyaning nagara nuswantara kang tundhone bisa amerangi kamlaratan, kabodhoan, ketinggalan jaman wusanane kamajuwan bangsa bisa enggal ginayuh lan winujud.
Ringkesing, kita bener-bener sinebut MARDIKA samangsa bangsa lan nagara bener-bener resik saka sawernane tumindak korupsi!
Kadya jumbuh karo ngendikane bung Karno, "Proklamasi Kamardikan iki minangka titik wiwitaning pambudidaya, kareben anak-putu kita (generasi penerus) kang bakal mbacutake pambudidaya". Ing tembung liya iku kang bisa kaaran anak-putu kita duweni kuwajiban "ngisi kamardikan" iki. Mangkono mungguhing Kamardika sejati.
Mardika! Mardika! Mardikaaa ...
bangsa Indonesia...
JM, #ngisi_kamardikan, 18820
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar