DODOLAN GEDHANG (dol tinuku gedhang)

    kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2773376999608086&id=1684548218490975

Ing sawijining desa sing dununge ing pulo gung liwang-liwung, asil utamane pisang/gedhang. Akeh gedhang sing enak rasane marga lemahe subur ing desa kasebut.

Kejaba legi, gedhe-gedhe lan kondhang kasiate becik kanggo kesehatan. Mulane wargane ing kana akeh sing nggumantungake urip saka asil dodolan pisang.


Ananging jalaran dhaerahe mencil, para wargane kudu adol pisang menyang kutha kang adohe kurang luwih 30 km-an.

Uga sarana dalane isih rusak durung diambah pambangunan kepeksa kudu mlaku nyabrang kali karo nyunggi utawa mikul gedhang saktundhun rong tundhun.


Tumekane pasar kutha, pisang mau wus ana sing nadhahi.., laris banget.

Dhuwit sing ditampa digawa mulih menyang desa, nanging sadurunge mulih ana padatan nggawa oleh-oleh.

Anehe sing dienteni kulawargane ing desa biasane oleh-oleh awujud "Gedhang Goreng" iku wus dadi padatan mataun-taun.

Wahh... adoh-adoh mlaku menyang kutha lha kok wusanane tuku oleh-oleh gedhang goreng??? 

Dhuwit seka dodolan gedhang meh sabagean gedhe diblanjake pisang goreng.

Pitakonan kang kawetu kenapa kok ora nggoreng dhewe??


Ing crita iki ana sing aneh lan bokmenawa yen dirasakake ana sing lucu lan nggumunake. Ya iku sejatine kang kedadean sabagean ing uripe manungsa.

Ananging pitakonan-pitakonan iku bisa owah nalika ana sing ujar "YA KAYA NGENE IKI SEJATINE KADADEAN ING SABAGEAN GEDHE MASARAKAT KITA!"

 

Ora bisa diselaki, banyu dijupuk saka bumi Indonesia, diolah dadi "AxxA" (lan cap-cap liyane), njur dhuwite dijupuk dening Dxxxxx perusahaan saka manca.


Sepatu kondhang di yasa ing Indonesia njur di ecap ing manca lan bali maneh didol ing Indonesia regane makaping-kaping, lan sing nganggo sepatu rumangsa bombong atine nganggo sepatu cap kondhang???

 

Kopi-kopi alam Indonesia sing digandrungi dening wong-wong manca di tuku lan diolah dening "Sxxxbxxks" njur ing kedai kopi misuwur dituku dening masarakat Indonesia regane tikel tekuk lan rumangsa bombong bisa nongkrong ing warung-warung kopi mau. 


Coba digagas apa ngene iki ora dadi bahan pepoyokan .. "Endi sing bodho lan gelem dibodhoni lan endi sing pinter?"

Ing kene, sapa bae bisa mangsuli nanging ora usah diwangsuli, cukup dibatin bae.


Gagasan kanggo nggugah lan nyengkuyung supaya krasa bombong lan mongkok manganggo lan nresnani barang-barang yasan (produk) Indonesia prelu di sebarake ing masarakat Indonesia.

Kaum mudha kang bisa minangka panjurung gagasan iku bisa ngrembaka ing tengah-tengahing bangsa Indonesia tumuju Indonesia Maju. Ayo padha sayuk-sayuk rukun ambangun praja kanggo mulyane bangsa Indonesia... MARDIKA !

 

JM, lingsir raina, 26820

       dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KAJUJURAN ANGGAWA KINURMATAN