✊ MARDIKA NKRI ✊
He pra pandheganing praja, pra pangreh praja ya kawulaning praja,
aywa padudon samya catur-cinatur ala,
padha elinga dene sira iku nunggal bangsa,
padhadene warganing praja ya Nagara Kesatuan Republik Indonesia.
Payo bebarengan cancut tali-wanda,
sayuk-sayuk rukun samya ambangun nagara,
mrih lestarinya urip bebrayaning praja,
nagara MARDIKA kerta raharja.
Rukun gawe santosa crah mung bubrah wohira,
ngestokna sabdeng Gusti tresna sapepadha,
nadyan panemu beda nging tan samya sulaya,
olah kawicaksanan tan nang-menangan
✊ MARDIKA! MARDIKA! NKRI ✊
JM, lingsir wengi, 68120
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar