KANUGRAHAN WUS TINAMPA
Nadyan gumrebeg swara pracandha lan ombak
palwa oleng gawe getering nala
Nora kuwawa panggah tekad kang kebak
sakawit rekasa wusana tinemu nugraha
Lamun ana ombak anerjang palwa
dhayung terus aywa mangu ing driya
datan kandheg anggayuh sedya
pracayaa kanugrahan kang tinampa
Jroning palimengan tan ana terang cahya
rasa duhkita tansah gegilut ing nala
Aywa sumlang, dhayung luwih rosa
pracayaa kanugrahan kang tinampa
Pracandha lan ombak wus kandheg lega
ati geter rasaning wus mendha
Kekidungan sumilir kebak ing arsa
pracihna kanugrahan wus tinampa
JM, gagat esuk, 1820
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar