PANGINGON KEBO
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2772442013034918&id=1684548218490975
Ing pinggiran desa ana pangingon kebo kang duweni atusan kebo ditekani pegawe dhinas peternakan sing nyenyamar.
"Saben dinten maesane disukani pakan menapa pak?", pitakone pegawe dhinas peternakan.
"Oh, namung kula sukani suket-suketan mawon pak.", wangsulane pangingon kebo.
"Yen ngaten bapak kula dhendha jalaran nyukani tedha maesane boten samesthine." ujare si pegawe dhinas peternakan, "Sampean kula dendha 500 ewu" bacute pegawe dhinas peternakan.
Pirang dina sabanjure ditekani maneh dening pegawe dhinas peternakan ning seje wonge lan pitakon bab kang padha : "Bapak nyukani pakan menapa maesa niki?"
"Ooh..., niku kula sukani pakan keju, hamburger lan susu", wangsulane si pangingon kebo.
"Yen ngaten bapak kula dhendha 1 yuta rupiah amargi nyukani tetedhan nglangkungi wates salimrahipun!", clathune si pegawe dhinas peternakan.
Seminggu candhake, pegawe dhinas peternakan wonge seje maneh menehi pitakonan kang ora beda karo pitakonan sadurunge : "Sampean sukani napa kebo niki pak?"
Sidane marga kuwatir yen didhendha maneh, dheweke mangsuli : "Sedaya maesa kula niki kula sukani yatra 5 ewu rupiah, sakajenge piyambak badhe nedha teng warung pundi mawon... !!".
"Oohh...??", si pegawe dhinas peternakan mung mlongo karo gedheg-gedheg..,
"Apa tumon kebo kok dikon jajan dhewe lha warunge bisa-bisa diobrak-abrik.... heemm". 😜😛
Ayo mesem...!! ning aja mesam-mesem dhewe terus... 😂
JM, sandekala, 25820
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar