NGAJENI LELABUHANE GURU -pasemon-
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2766086273670492&id=1684548218490975
Ing sajroning pirembugan, ana siswa pitakon marang gurune.
Siswa : "Menapa estu bilih guru punika minangka tetiyang ingkang pinter? Kenging punapa kok boten para guru ingkang dados pemimpin ing donya, juragan ingkang misuwur punapadene priyagung ingkang sugih?"
Guru amung mesem, datan mangsuli apa-apa nuli mlebu ing sawijining kamar banjur metu maneh nggawa timbangan.
Guru tumuli ndeleh timbangan iku ing ndhuwur meja, lan ujar : "Anakku, timbangan iki adade kanggo ngukur bobote emas kanthi petungan ukurane tekan 5000 gram".
"Pira regane emas iku?", pandangune marang si siswa iku.
Si siswa karo nyengkurengke bathuke, ngetung nganggo alat etung (kalkulator) banjur mangsuli,
"Bilih satunggal gram emas pun regeni 800 ewu rupiah, mila 5000 gram pangajinipun sami kalian 4 milyar rupiah."
Guru : "Ngene anakku, upama saiki ana wong nawakke timbangan iki regane pada rega emas 5000 gram, apa sliramu gelem nuku?"
Si siswa mangsuli : "Wah.., timbangan emas regine boten langkung katandhing regine emas. Kula saged pikantuk timbangan mawi regi kirang saking 2 yuta rupiah, kenging punapa kedah bayar ngantos 4 milyar?"
Guru mangsuli : "Lhaa.. anakku, saiki kowe wus oleh piwulangan, kowe para siswa kadidene emas, lan aku para guru minangka timbangane kanggo ngukur bobot gegayuhan kowe kabeh minangka mas-masan ing donya iki. Lan aku para guru beneya tetep arupa timbangan kang bisa diandelake lan pinracaya ngukur asiling kamajuan gegayuhanmu."
Bacute sang guru, "Yen ana wong ing tangane tengen nggawa prongkolan berlian lan tangane kiwa nggawa saember isi kringet, kawuningana kringet iki dak wetokake kanggo nemokake prongkolan berlian iku. Tanpa kringet iki aku ora bisa duwe berlian-berlian iki. Mula yen daktawakake kringet iki apa kowe gelem bayar sarega karo berlian-berlian iki?"
"Pitakone apa ana sing gelem nuku kringet iki?"
"Temtu ora ana!.., uwong mung gelem nuku berliane lan ora nganggep kringete."
"Ya beneya para guru dadi kringet krana lelabuhane, dene kowe para siswa sing dadi berliane."
Si siswa sanalika nangis lan nubruk gurune nuli celathu : "Oh bapa-ibu guru, iba mulyaning budi panjenengan sadaya, iba eklasipun... matur nuwun guru. Kula boten badhe ngesupenaken lelabetan lan nglirwakaken dhawuh-dhawuh panjenengan awit saben kamajengan, saben gebyaring berlian wonten tetesing kringet para guru."
Sang guru mbacutke : "Beneya kringet iku ngabar tumuju alam kelanggengan sayekti ing sisihing Gusti Kang Maha Wisesa amarga sejatining kaswargan luwih mulya tinimbang pernak-pernik kadonyan."
JM, lingsir wengi, 190820
dening eNPe
Komentar
Posting Komentar