DHUH GUSTI, TINUNGGILAKEN KAWULA

    kapacak ugi ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2776543632624756&id=1684548218490975

Dhuh Gusti, tinunggilaken kawula

wontening Sih-Katresnan Paduka

Tinuntun lampah kawula

lampah ing margining kayekten 

sinebarna karahayon kang nunggilaken


Dhuh Gusti, datan kuwawa kawula

nglampahi saliring godha

Linanting ing Asta Paduka

ing salebeting lelampahan,

boten mangu ing salebeting pasulayan


Dhuh Gusti, hamung kuwaos Paduka

benteng pangayom kawula

ingkang ngiyataken nalika lena

Temah wilujeng kawula

saking mengsah duraka


Dhuh Gusti, Paduka nakoda kawula

temah dumugi ing raharja

Paduka Sang Juru Mudhi kawula

tyang kang tumemen setya

tinunggilken ing palwa Paduka

    

JM, lingsir wengi, 30820

        dening eNPe


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN