JRONING PRACALITA
kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2760545334224586&id=1684548218490975
Jroning pracalita lan pracandha iku
datanpa pangeyub kang tinemu
Jroning swara thathit, Gusti niling tangisku
Dhuh Gusti, keparenga lanting kawula saking bebendu
Dugeng sirna pracandha kalis sambekala
palimengan sumingkir pepadhang gumantya
tansah rinengkuh saha ginegem ing AstaNya
Dhuh Gusti, keparenga lanting kawula saking prahara
JM, lingsir wengi, 13820
dening eNPe
jarwane :
Di tengah langit gelap maupun badai besar,
tiada satu tempat pun bagiku berteduh.
Di tengah bunyi guruh, Kau dengar tangisku,
Oh, Tuhan, s'lamatkan hidupku.
Hingga badai berlalu, suara guruh hilanglah (terhindar dari petaka),
awan g'lap di langit melenyap (berganti terang);
s'lalu genggam tanganku dan dekaplah daku.
Oh, Tuhan, s'lamatkan hidupku
Komentar
Posting Komentar