GUSTI TANSAH NUNTUN JANGKAHKU

     kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=2775703219375464&id=1684548218490975

Aku mantep Gusti nuntun jangkahku

sarta ambuka dalan ku

Lamun pasrah lan dedonga tuhu

Gusti tansah nuntun jangkahku


Sih kadarmaning Gusti pinaringake

kanugrahan agung karumentahake

puji sokur konjuk ing pangayunan Gusti

sumuntaking berkah datan kendhat puniki

 

Aku mantep nderek Gusti

awit kebak karahayon kang tinampi

kamulyaning urip sarwa pinesthi

ing margining kayekten Gusti

 

JM, lingsir wengi, 29820

       dening eNPe

Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN