UDI LAN UPAYANEN PANGANGEN-ANGENMU SADHUWURE LANGIT!

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1FkDhxgLJK/

Ing taman sawijining pomahan kebak ditanemi maneka warna kembang mekrok asri nengsemake sapa bae sing nyawang. Akeh kupu-kupu sing padha mabur menclok ing antarane kekembangan.

Ing kono ana bocah cilik wadon lagi ngematake kekembangan lan kupu sing padha meclok. Bocah iku sajak lagi ngangen-angen, "Wah mendah senenge ya kupu-kupu iku bebas mabur menclok sasenenge." Bocah iku kelingan tau maca buku bab kupu-kupu sing asale saka uler owah dadi enthung njur malih dadi kupu (proses metamorpose).

Bocah wadon iku (parabane Surti) saiki rumangsa isih dadi uler ugak-ugek lakune ora bisa mardika mrana mrene. Marga uripe saiki sarwa winatesan ora kaya kanca-kancane sing bisa plesiran pas dina prei ngene iki. Ya marga kaanane panguripane kulawarga sing sarwa pas-pasan, bapake buruh pabrik ibune buka warung sayuran ing pasar. Si Surti pengin kaya kupu-kupu iku uripe katon ayem. Dheweke ngangen-angen piye carane ya?, wisikan atine, "Ndhuk kowe bisa, mesthi bisa kaya kupu-kupu iku!." ing pojok batine, "Piye carane ya?"

Si Surti njur kabuka nalare (sadar, bs Ind), "Aku kudu sregep sinau, lan nyuwun pitulungane Gusti, aku yakin mengko bakal bisa luwih pinter kanggo nggayuh kepenginan, cita-cita dadi wong kang migunani kanggo wong akeh."


He uler sing lenggat-lenggut lakumu! aja kuwatir kowe kudu mlebu ing njero enthung, kowe bakal digembleng dicepakake bisa dadi kupu. Mengkono kira-kira batin ing angen-angene Surti, "Aku iya arep mlebu ing panggemblengan sregep sinau, ing titiwancine bakal bisa dadi wong kaya kupu-kupu iku, mencutake, migunani kanggo ngrembakane kekembangan lan tetanduran liyane."


He para taruna mudha! Semangat! Ayo terus semangat! Udi lan upayanen pangangen-angenmu sadhuwure langit!


Rahayu sagung dumadi! 

Gusti amberkahi! ... Aa__aamin A__aamin 🙏🙏


JM, lingsir dalu, 19525

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^] [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN