OMAHKU RINÊKSA GUSTI

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/18RMSfVRXj/

Omahku iki, omah kang têntrêm lan nyênêngake,

såpå sing ngrêkså, ora liyå amung Gusti piyambak.


Mendah bêcike lan endah lamun Gusti tansah anjangkungi.

Ayêm têntrêm sakabèhane, rahayu sakulawarga saisine.


Mendah rukun, båpå biyung tuladhane,

kabèh pårå putrane nuladhani tumindake.


Jroning kasusahan, ora kurang ndêdongå,

jroning kabagyan rêrêpèn ngumandhang puji sokur angaståwå.


Riniptåå omahku taman adhêm ayêm nêngsêmake

dumadiå uripku lêmbut mêwangi bagyå mulyå.


JM, rêrêpèn pangangên, 16525

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^] [^__^] 



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN