CAHYANING LILIN ALIT AMBEKTA PEPADHANG

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1AYbCL5BnT/

Sawijining dalu lan asrep hawanipun dumadakan listrik pejah ing kampung alit. Griya-griya sadaya sami peteng ndhedhet, tetiyang samidene kuwatos lan lare-lare alit sami jerit-jerit. Ing satengahing peteng wau wonten lare alit estri aranipun Cahyani gita-gita mlebet kamar mendhet lilin alit. Lilin punika satunggal-satunggaling sumber pepadhang kang taksih pungadhahi ing griyanipun.


Cahyani nyumet lilin nuli mbekta medal. Sorot lilin alit wau mbleret katingalipun boten ndayani ing tengahing pepeteng kampung. Nanging Cahyani boten kuwur manahipun, piyambakipun mlampah saking griya satunggal dhateng griya sanesipun nawakaken lilin sumber pepadhang kang pundarbeni dhateng saben tiyang ingkang punpanggihi.


Suwaunipun, sawetawis tiyang rangu purun nampeni lilin alit kang punkinten boten kathah mbiyantu. Ananging, Cahyani lare estri wau kukuh tetep atur keyakinan dene sumoroting lilin saalit-alitipun saged damel pepadhang lan angeting kawontenan ing satengahing pepeteng.


Sangsaya dangu kathah tiyang ingkang purun nampeni chayaning lilin kang punbage dening Cahyani. Sumoroting lilin-lilin alit wiwit madhangi margi lan plataran kampung, wusananipun pepeteng lon-alon wiwit sirna. Tiyang-tiyang wiwit ngraosaken langkung tentrem lan aman.


Carios Cahyani lan lilin alit punika, nuladhani mring kita dene sinaosa kita rumaos alit lan sekeng, kita tetep saged urun lan nyengkuyung kang piguna kangge tiyang kathah.

Guyub rukun sesarengan kita saged ngrampungaken lan anggayuh kang langkung ageng.

Asung panyengkuyung semangat lan pangajeng-ajengan cahya kasaenan langkung piguna tinimbang namung memada, ngala-ala lan nenacad kekiranganipun tiyang sanes.

Cahyaning lilin alit estu saged adamel pepadhang.


Salam tentrem rahayu mugya kajiwa lan kasalira ingkang pinangkanipun saking Gusti Kang Maha Agung sumrambah mring kita sanggya umat kinasihipun...

Aa_aamin A__aamin 🙏🙏


JM, gagat enjing, 14525

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^] [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN