PRAHARANING URIP NGANGLANGIMU

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1Bi5erjeHZ/

Lamun praharaning urip nganglangimu

lan pacoban tumekå angganggu

hamung sawijining janji kaantu

yå, janji Gustimu, ugêmånå sèstu.


Nadyan argå owah gumiwang

sartå gumuk-gumuk pådhå goyang

katrêsnan lan kasêtyane Gusti

têtêp kukuh payõmane Gusti.


Paggah têtêpånå janji Gusti, åywå kokuculnå

nadyan wêngi lan rainå

sumingkirå gorèh lan sumêlangmu

Gusti Kang Murbèng Agêsang ngrêkså uripmu.


JM, sandekålå, 8525

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^] [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN