SALARAS ING PANGUCAP LAN TINDAKAN

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/198x365h2S/

Ana pasemon kang unine "Esuk tempe, sore dhele". Sacara panalaran tembung iku kuwalik, kudune saka dhele owah dadi tempe. Tembung kasebut nelakake kanggo nyebut uwong kang ora salaras pocapane, ateges mencla-mencle, guneme molah-malih ora kena diendelake, ora bisa dipercaya.


Nyalarasake guneman lan tindakane ora gampang. Apamaneh nalika ngadhepi ana tantangan lan ancaman.


Sayogyane kita ngelingi dene Gusti Allah tansah salaras karo pangandikan-E. Janjine Gusti iku langgeng ora bakal seselak. Gusti iya mangkono, samono uga kita kudu cundhuk lan salaras. Cangkem ngucap pracaya (iman), tindakane samono uga kudu salaras karo pangandikan (firman) Panjenengan-E.


Salam tentrem rahayu kang pinangkanipun saking Gusti Kang Ma' Asih..... Aa_aamin A__aamin 🙏🙏


JM, gagat enjing, 10525

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^] [^__^]



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN