TANJAKNA WEKTUMU NGABEKTI MARANG WONG TUWAMU

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/16BmZSwoph/

Tanjakna wektumu ngabekti marang wong tuwamu,

samangsa kita isih bisa,

mumpung panjenengane isih sugeng.


Padatan, anak rikala isih cilik cedhak karo rama-ibune, tansah ngrasakake sih katresnane wong tuwa. Nganti ngancik taruna nadyan kudu sekolah ing paran kala-kala isih mulih nyadhong dhuwit jajan, haha hihi rak iya yektine mangkono ta... 🫰


Bareng wus omah-omah lan nyambut gawe ing kutha liya, isih sepisan-pindho sowan rama-ibune. Wektu terus lumaku, sing arane anak mau iya wus saya tuwa, mangkono uga rama-ibune sangsaya luwih sepuh. Si anak merga umur, karosane suda, ngrasake lungkrah olehe nyambut gawe. Banjur si anak bali sowan rama-ibune, nyuwun idi pengin ngaso ing kampunge cedhak wong tuwane. Rama-ibune nampa kanthi legawa lan bungah niat sang anak. 


Dikaya ngapaa bae, sing arane wong tuwa datan kendhat sih katresnane marang para putrane. Nadyan wus mataun-taun anak lali, supe marang wong tuwane, nanging ing titiwancine bakal bali ing pangkone rama-ibune. 

Ana dhawuhe Gusti Allah Kang Murba Wisesa, "Padha tresnaa bapa-biyungira (kanthi gumolonging atinira), supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira." (Pan 20:12)

Sumangga kita tansah bekti mring wong tuwa samangsa isih bisa lan samangsa panjenengane isih sugeng. 

Rahayu sagung dumadi 👏 

.....Aa_aamin A__aamin🙏🙏


JM, pajar sidik, 18525

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN