NUNGGAL TANAH TUMPAH RAH
kaunggah uga ing https://www.facebook.com/share/p/1WaFxH9aRS/
Nunggal tanah tumpah rah,
nunggal wångså lan nunggal båså.
Indonesia kawangsanku,
Indonesia tanah tumpah rahku.
Endahing alam mencutake
suku wångså manekå wêrna
mendah pêpak budayane
karyå agung Sang Khalik Pangriptånyå.
Payo kitå samyå manunggal jiwå
maknane nunggal tanah tumpah rah sajiwå ragå,
nunggal wångså lan båså
Indonesia nagriku subur makmur santoså.
JM, harkitnas, 20525
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar