KAPINTERAN ING PAMBUDI LUHUR

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/18z7fYDs5L/

Sampun mratah lan kathah tiyang sepuh anganggep kapinteran lan kabodhoan adhedhasar biji rapot sekolah. Pramila tiyang sepuh ngudidaya kadospundi caranipun amrih biji rapot putranipun langkung sae. Les wulangan tartamtu dados pilihanipun. Nanging, bab kabodhoan punapa namung prakawis biji rapot? Punapa lare menawi bijinipun ing rapot sae boten badhe tumindak kabodhoan (datan pinuji)?


Tumindak bodho boten pinuji (nerak budi pakerti) gampil dumados ing manungsa, awit punika gandhengipun kaliyan budi pakerti (watak). Tetiyang racakipun nggadhahi pamanggih bab kaleresan nurut alam pamikiripun piyambak. Malah, samangsa ing wekdal tartamtu boten maedahi kangge piyambakipun, saged njlomprongaken ingkang boten kininten damel serikipun ngasanes amargi nerak tatanan lan subasita. Tiyang gampil protes datan nyatiti rumiyin kasunyatanipun.


Pramila, kaprelokaken sumedya pinter/wicaksana, senadyan pinter ing pawiyatan nanging langkung mulya pener lan titis saged ngauningani kawontenan pasrawungan gesang ing tengahing masarakat. Kawicaksanan ing panalaripun andadosaken tiyang boten gampil kagendeng gonjang-ganjing kabar kang nembe moncer (viral).


Bab sairip prelu katindakaken anggenipun nyawang lan mbiji ngasanes. Kita prelu langkung jembar lan lebet anggenipun nyawang ngasanes, boten jalaran jarene si A, si B lajeng kita tumut-tumut anut grubyuk datan kirang pana punapa ingkang saleresipun lajeng damel puntoning panemu (menarik kesimpulan, bs.Ind) ingkang klentu.

Kapinteran ing pambudi luhur punika ingkang utami, boten namung kapinteran ing pawiyatan!


JM, parak enjing, 22525

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^] [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN