MEMPENG LAN GUMREGUT METHIK GEGAYUHAN

   kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/1EV3uyLz1f/

Ing satunggaling dhusun alit, wonten lare parabanipun Birin gesangipun sarwa kekirangan nanging sregep lan nggethu anggenipun sinau. Nadyan gesangipun kacingkrangan, piyambakipun tansah bidhal sekolah klawan kebak semangat (mempeng gumregut).


Satunggaling dinten, wonten bapa guru ingkang kepranan kaliyan semangatipun Birin wau, lajeng maringi buku wacan. Senadyan buku punika sampun reged lan suwek, Birin sanget anggenipun matur nuwun dhateng bapak guru lan janji nedya njagi lan ngopeni kanthi gematos.


Birin sinau langkung mempeng saben dintenipun, malah maca buku wau wongsal-wangsul. Sregep gumregutipun lan katlatosanipun nggendeng kawigatosan tiyang kathah ing dhusunipun.

Wusananipun wonten piyayi sugih lan loma kepranan penggalihipun mirsani lelabuhanipun si Birin, mila lajeng paring beasiswa kangge nglajengaken pawiyatanipun ngantos dumugi ing piwucalan inggil.


Birin nanjakaken wewengan (kesempatan) punika kanthi gumolonging manah. Piyambakipun ngrampungaken pasinaonipun ngantos tamat lan winisuda dados dhokter kang kebak raos sokur lan ndarma-bektekaken kangge kapentingan masarakat ing dhusunipun.


Eliding carios ingkang saged kapethik, mendah prelunipun mempeng gumregut (semangat) lan katlatosan salebeting nglampahi karuwetan. Nadyan wonten ing karuwetaning gesang, Birin boten nate kendho semangatipun lan tansah ngudidaya anggenipun sinau. Lelabuhan lan wajibing gesang punlampahi kanthi mempeng kebak gumregut lan tansah muji sokur awit rumaos pikantuk saking pitulunganipun Gusti.


Carios sapala punika nuladhani mring kita kangge tetep kukuh gumregut boten gampil kendho lan nglokro kangge methik gegayuhan impen nadyan nembe ing kawontenan ingkang sarwa rekaos.


Salam tentrem rahayu kang pinangkanipun saking Gusti Kang Ma' Asih.....

 Aa_aamin A__aamin 🙏🙏


JM, lingsir dalu, 12525

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^] [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN