NIKMATING DONYA NGGODHA ATI

    kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1ALLBdzDJP/

 1: Nikmating donyå nggodhå ati,

    mikat kitå dimèn nêbih Gusti,

    lan kabèh iku tan nguripi,

    nging nggèndèng kitå mring têlênging pati.


Rèf.

    Åjå randhat umarêkå,

    sowanå ing dinå iki ugå.

    Gusti wus ngantyå mring sirå

    lah Pangayõmanmu kang tuhu sêjati.


 2: Mårå mbuwangå sêngsêmirå,

    wit iku panyidrå lan pamblasar,

    ninggalå doså lan duråkå,

    ngungsi mring Gusti sirå mêsthi luwar.


 3: Marêk mring Gusti tan suwålå,

    aywå kalungsèn kadaluwarså.

    Puputing nyåwå tan kanyånå,

    mula èstõknå di enggal marêkå.


kadudut : kpj 57


JM, sandyåkålå, 29525

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^] [^__^] 



Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN