GAJAH CUPET PIKIRE

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/1BXpW3kLif/

Ing satengahing alas ketel lan rungkut, ana sawjining gajah arane Liman. Dheweke gajah kuwat lan wicaksana nanging wiwit cilik tau ngalami kadadean sing agawe cupet pikire sarta jinja (trauma) kaweden njangkah adoh.


Critane rikala isih cilik, Liman tau dibanda nganggo tali cilik dening manungsa. Liman ngupaya mberod supaya bisa ucul, nanging gagal ora kasil. Saking dene cupet pikire wiwit iku dheweke percaya yen ora bakal bisa ucul saka tali banda senadyan saiki awake wis luwih gedhe lan rosa.


Ing sawijining dina, alas panggonane si Liman gajah iku kobongan. Kabeh kewan padha mlayu nylametake, nanging Liman tetep mbegegeg ngadeg ing kono, marga dheweke mikir lan mracayani yen ora bisa uwal njur mlaku adoh.


Rumangsane Liman yen dheweke isih kabanda dening tali sing saprana saprene mblenggu. Rasa kaweden lan rangu ndadekake Liman kelangan wewengan wektu (kesempatan) kanggo nylametake.


Dumadakan ana bocah cilik meruhi kadadean iku njur mbengoki, "Liman, kowe wis gedhe! awakmu rosa!.. Kowe mesthi bisa luwar saka apa bae sing njireti / naleni awakmu!" Tembung-tembung iku ndadekake Liman wiwit kasentak nalare lan kaelingake. Dheweke nyoba narik sikile lan sanalika alam pikire kabukak yen ora ana sing bener-bener bisa nggondheli sikile.

Kanthi sarosa-rosane, Liman mlayu sipat-kuping ninggalake alas sing kobong mau lan wusanane bisa slamet.


Eliding crita iki sing bisa kapethik, kita bisa nuladhani dene kakuwatiran lan rasa monga-mangu racake marga amung dumunung lan mijil saka dhiri pribadine dhewe.

Yen kita ora cupet pikire lan wani nyoba sarta pracaya mring kasantosan lan kaprigelan kita, ora ana sing bener-bener bisa ngalangi niat lan jangkah kita tumuju kabebasan lan kasil apa kang sinedya.

Kasabaran lan katemenan asring nuntun kita tumuju bab-bab luwih gedhe jroning urip.

Ing crita gajah cupet pikire iku nuladhani dene nadyan kita kabetheng ing kahanan kang abot sanggane, ana bae dalan bisa luwar yen kita pracaya lan terus ngudidaya klawan tekad gedhe.


Tentrem rahayu sagung dumadi 🙏


JM, lingsir wengi, 28525

          ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN