SIH-KATRESNAN MARANG WONG TUWA

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/Bu85fwYPs9t2szV3/?mibextid=oFDknk

Wong tuwa (rama-ibu) iku jejering priyayi kang wigati banget tumrap para putrane. Ya, wong tuwa kang ngopeni, ngreksa, nggulawenthah lan nyukupi sarta paring samubarang kabutuhan para putrane kang becik dhewe kalawan tumemen trusing nala kebak asih. Amung bae ora bisa diselaki ing titiwancine sepuh ngalami katimbalan marek ing ayunane Gusti Kang Akarya Gesang. 

Mula minangka anak kewajibane ora amung gawe bagya wong tuwane (bapa-ibune) rikala isih sugeng, ananging uga nalika sedane angreksa kang samesthine, klebu mikul dhuwur mendhem jero.


Asring kita midhanget pawarta bab anak-anak kang kamitegan ora maelu, malah kanthi tega-tegane natoni tumekane merjaya laku cidra rama-ibune. Iba miris ing ati yen kapireng warta-warta kaya mangkono mau.


Kang dadi pitakonan, apa iya isih ana sih-katresnan kita marang wong tuwa, utawa sih-katresnan kita kebak lelamisan?

Eling marang dhawuhe Gusti,

"Sira ngajenana bapa-biyungira, supaya didawakna umurira ana ing tanah peparinge Pangeran Yehuwah, Gusti Allahira marang sira."


Kita kudu mujudake sih-katresnan marang rama-ibu kalawan tumemen trusing driya, ora kok marga kewajiban bae, uga ora kok kareben oleh wigati lan pangalem. Sih-katresnan marang wong tuwa iku mujudake Angger-Angger Dhawuhe Gusti. Sih-katresnan iku prayogane kang ngisi urip kita murih agawe bagya mulya marang wong tuwa.


Salam tentrem rahayu kang tinemu

bagya mulya kang sinedya

bagas saras kang linaras

Gusti amberkahi.... Amin Aminnn 🙏🙏


JM, gagat enjing, 14824

           ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN