KANEPSON_ULA -pasemon-
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/oDPgbRs7bqcs9kzJ/?mibextid=oFDknk
Ing tengah wengi ana ula mlebu ing sawijining gudhang tukang kayu. Lumrahe si tukang kayu ora tau ngopeni piranti nukange diejarne bae pating besasik.
Nalika ula mlebu mrono ora njarak ula mau nggremet sadhuwure graji kang landhep ndadekake wetenge ula tatu. Ula ngira yen graji mau nyerang dheweke njur bales nyakot bola-bali nganti cangkeme suwek metu getihe.
Saking jengkele lan semplah gregeten si ula ora gelem kalah njur nggubetake awake nyang graji mau, merga saking kuwat gubetane awake dadi dhedhel dhuwel nganti tumekane pati.
*para kadang....*
Rikala kita lagi muntap kanepson kita pengin natoni lan gawe wirang marang wong liya. Sawuse iku kita nembe ngerti lan kawiyák pikir kita lamun dene kang ketaton iku kita dhewe.
Sakehing tetembungan kang kawetu lan tumindak kita nalika kita nembe kebak kanepson, ya sakehing iku uga kita gawe tatu lan wirang tumrap kita dhewe.
_Nora ana mungsuh kang nora bisa dikalahake dening sih-katresnan_
_Nora ana lelara kang nora bisa diusada mawa sih-katresnan_
_Nora ana sesatron kang nora bisa diapura mawa katulusan_
_Nora ana alangan kang nora bisa karampungake dening katemenan_
_Nora ana watu kang atos nora bisa karemukake dening katlatenan kanthi sabar_
Kabeh mau pinangkane saka dhiri pribadi kita !
Sumurupana! ....
Sengit kang ngigit-igit, sujanan, drengki lan apa bae arane, kabeh mau kadidene ula kang nggubet graji, kang wus makaping-kaping nggubet pikiran lan ati kita.
Udinen lan upayanen sawanci-wanci bisoa ngendhaleni, kebak ing rasa pangapura klawan tulusing ati lan bisoa enggal buwang rasa peteng batin kita kanthi nyenyuwun mring Pangeran Gusti Kang Maha Welas Asih.
kadudud lan kajarwakake saka tulisan kadang ing WA grup.
JM, sirep bocah, 29824
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
kanthi reroncen beda tau kapacak ing 👇 https://www.facebook.com/share/p/DQKrpuKEWFfqGQ8r/?mibextid=oFDknk
Komentar
Posting Komentar