LÊLABUHANE WIRÅYODHÅ BÅNGSÅ

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/68xCAktGWyfBAoSy/?mibextid=oFDknk

Lamun dakeling lêlabuhane wirayodhå bångså,

krånåmu wus paring pangurbanan jiwå-rågå,

mrih bångså lan nêgriku aman, têntrêm raharjå,

Mardikå kang winujud, iku gêgayuhan mulyå.


Dènirå kaprawiranmu kang adisurå,

datan ngetung jiwå lan rågå.

Krånå pangayõman lan panganthine Allah,

têmah kagusah kaum panjajah.


Puji sokur Gusti konjuk ing ayunan Padukå,

wit sih rahmat lan nugråhå mring kawulå sabångså,

kêparêngå tansah binêrkahan nêgri Indonesia,

têntrêm raharjå, rukun santoså salaminyå.


JM, gagat esuk, 07824

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN