PATRAP WICAKSANA DHUMATENG PAMARENTAH
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/ad8tU7V7yfuNS7U5/?mibextid=oFDknk
Pamilihan Umum (Pilpres, Pileg) sampun rampung kantun ngentosi pangukuhan miturut tatanan ukum negara ingkang punanut. Makaten ugi badhe kasusul Pilkada sesarengan ingkang mesthinipun boten kirang damel oregipun jagating politik.
Sanes punika menggahing bab ingkang wigatos, ananging kang langkung baken inggih punika kadospundi patrapipun masarakat warga negara dhumateng pandheganing negari ing salajengipun.
Prelu ngawikani, salah satunggal patrapipun tiyang wicaksana inggih punika boten kesesa ing tumindak, klebet paring pangargya panetepan dhateng sinten kemawon.
Patrap sepisan ingkang kedah punwujudaken tiyang wicaksana inggih punika among karsa (nggugu) lan setya tuhu dhateng dhawuh pimpinan, awit pimpinan anggadahi wenang ngayahi punapa kemawon ingkang dados sedyanipun kangge ngatur tatanan gesang bebrayan ing wewengkonipun.
Dene patrap candhakipun ngawasi lan ngemutaken pimpinan ing wekdal lan cara ingkang trep (angon wayah ingkang pas).
Sampun dados wajibing warga masarakat kedah mituhu dhateng pamarentah ingkang sampun pinilih lan pinitaya tuwin katetepaken miturut undhang-undhang kangge nata praja anggayuh mulyaning bebrayan sabangsa.
Kita prelu dongakaken pamarentah saprangkatipun supados saged adamel kasaenan lan kamulyan ing tengahing masarakat.
Kados punapa kemawon pamarentah anggenipun ngayahi jejibahanipun mbetahaken kawicaksanan. Makatena ugi kita prelu wicaksana atur pangawasan, pangemut, pamada lan pameleh kalawan cara lan wekdal ingkang trep boten grusa-grusu.
Kadosdene ing negara kita Indonesia, tata cara kasebat sampun wonten ing pranatan/aturan tata negara.
Sumangga! 👏
Sarwa rahayu kang tinemu
Bagas saras kang linaras
Mugi Gusti amberkahi ..... Amin 🙏
JM, gagat enjing, 22824
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Pamilihan Umum (Pilpres, Pileg) wis rampung kari ngenteni pangukuhan miturut tatanan ukum negara kang dianut. Mangkono uga arep kasusul Pilkada bebarengan sing mesthine ora kurang gawe oreging jagate politik.
Dudu iku mungguhing bab kang wigati, nanging sing luwih baku yaiku kepriye patrape masarakat warga negara marang pandheganing negari ing sabanjure.
Prelu nyumurupi, salah siji patrape wong wicaksana yaiku ora kesusu ing tumindak, klebu aweh pangargya panetepan mring sapa bae.
Patrap sepisan kang kudu diwujudake wong wicaksana yaiku nggugu lan setya tuhu mring prentah pimpinan, awit pimpinan duwe wenang ngayahi apa bae kang dadi sedyane kanggo ngatur tatanan urip bebrayan ing wewengkone.
Dene patrap candhake ngawasi lan ngelingake pimpinan ing wanci lan cara kang trep.
Wis dadi wajibing warga masarakat kudu mituhu marang pamarentah kang wis pinilih lan pinitaya tuwin katetepake miturut undhang-undhang kanggo nata praja anggayuh mulyaning bebrayan sabangsa.
Kita prelu dongakake pamarentah saprangkate supaya bisa anggawe kabecikan lan kamulyan ing tengahing masarakat.
Dikaya ngapaa bae pamarentah anggone ngayahi jejibahane butuhake kawicaksanan. Mangkono uga kita prelu wicaksana aweh pangawasan, pangeling lan pameleh kalawan cara lan wanci kang trep ora grusa-grusu.
Kadya ing negara kita Indonesia, tata cara kasebut wis ana ing pranatan/aturan tata nagara.
Sumangga! 👏
Sarwa rahayu kang tinemu
Bagas saras kang linaras
Mugi Gusti amberkahi ..... Amin 🙏
Komentar
Posting Komentar