PARIKARMA PITULASAN AGUSTUS đŸ‡źđŸ‡©đŸ‡źđŸ‡©

    kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/p/khrdp43gootjZpfy/?mibextid=oFDknk

Ngarepake pitulasan ing wulan Agustus iki, ing cakruk pojok kampung ana sawetara nom-noman lan uga bapak-bapak lagi gayeng jagongan.


Lik Gimin : "Pitulasan wis ora krĂ„sĂ„ njĂȘnggĂȘlĂȘg nang ngarĂȘp mripat yĂ„."

"Wah iyĂ„ yĂ„, aku wingi nggolĂški gĂȘnderĂ„ merah-putih durung kĂȘtĂȘmu je," sumaure kang Bejo.

"Asiikk.... rame-rame aku mĂšlu balapan egrang, lomba mangan krupuk, balapan karung..", clathune si Thole bocahe kang Bejo.

"Hoho..., nÚk aku pingin tarik tambang ae yÄ..", Agus nyauti.


Dumadakan pak RT njedhul seka sisih kiwa cakruk : "Eh bapak-bapak, ayo-ayo pĂ„dhĂ„ kĂȘrja bakti ngĂȘcĂšt gapurĂ„ sing wis lĂȘthĂȘk rupane!

"Siyap pak RT!.. Sendhika dhawuh!", sumaure rame-rame kaya dikomandho.


Cecaturan kados ing nginggil sampun jamak kapireng ing kampung-kampung nedhengipun cecawis / parikarma mengeti dinten Kamardikan RI. Kados pundi menggah ing tlatah panjenengan para sedherek, punapa inggih sampun giyak-giyak anambut kardi gotong royong ngajengaken pitulasan punika? saprelu mangayubagya dinten Kamardikan Republik Indonesia kaping 79...?

 MARDIKA! ✊️đŸ‡Č🇹


JM, gagat esuk, 10824

            ✍️ 𝖊đ•čđ•»đ–Š ✍️

           [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

JÊRITAN NGISOR KRÊTÊG

BÊBÊNDU