MUKIDI NONTON BIYOSKOP 😝 - serial Mukidi - 😜
kaunggah uga ing https://www.facebook.com/share/p/2VtwYnQcKHGBciD7/?mibextid=oFDknk
(jam 8 esuk ing kantor biyoskop)
(kriing.. kringg..! tilpun ing meja kantor biyoskop muni) ☎️☎️
Mukidi : "Halo mas, aku meh takon ya, kapan biyoskop dibukak?" ☎️
Tukang jaga : "Jam siji mas!" 🕐
Mukidi : "Apa bisa bukak jam sanga-nan mas?"
Tukang jaga biyocskop : "Ra bisa mas, biasane bukake jam siji!"
Mukidi mung meneng bae, la wetenge wis kroncongan je.... piye jal iki belet pipis sisan... heem Mukidi mbingungi karo mloka-mlaku ora karuan.
(jam 11, tilpun kantor bioskop mbengok meneh) 📞☎️
Tukang jaga sing lagi sa'leran keturon kaget krungu krang kring tilpun.
"Sapa kih sing ngganggu ae wong lagi sa'liyepan", grundelane Tukang jaga karo ngangkat gagang tilpun.
"Halo, jam pira biyoskope dibukak mas?" keprungu pitakonan ing sabrang tilpun.
Tukang jaga :"Sampean sing nilpun mau ya mas? Rak wis ngerti ta yen biyoskop bukake jam siji!".
Mukidi : "Tulung!.. Jam rolas bisa ora mas?" 🫠
Tukang jaga karo jengkel mangsuli : "Ra bisa! encene biyoskop iki biyoskope mbahmu mukiyo pa!"
Mukidi : "Ya wis nganyang sithik ya, ra papa wis maju setengah siji wae ya mas, tulung kih aku selak kebelet!.." 🫣
"eee... bocah iki isih ngeyel" gremengane si Tukang jaga biyoskop, "Sakjane kowe kih arep nonton pilem apa ta, kok nilpun terus tur ngeyel?" 🫠
Karo nangis Mukidi mangsuli : "Aku iki sakjane isih nang njero gedhong biyoskop mas, dhek bengi pas nonton pilem aku keturon. Tulung mas bukakke lawange. Aku pingin mulih, wetengku ngelih kebelet pipis kih... huhuhuuu.."😢😢😭
"Woww... Mukidi Mukidi..., kenapa kowe ora ngomong kawit mau?!"...ngono saute siTukang Jaga biyoskop.
Ha hahaaa...😆😆🤣🤣🤪... tobil tobil.!!., dhasar Mukidi bocah mbeling ora kayit lan sembrana sapari-polahe.....cihuiie!🤪😜
hehehe... ayo mesem meneh! ning jok mesam-mesem dhewe lho... 🤪😜
JM, parak esuk, 28824
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar