🇮🇩 INDONESIA MARDIKÅ 🇮🇩

  kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/VVc6Th94vxYQ9oUW/?mibextid=oFDknk

Indonesia Mardikå nugrahaning Gusti Må' Kawåså

madêge linandhêsan Påncåsilå

dadyå têtalèning bångså

angrêkså manunggaling bångså.


Bhineka Tunggal Ika sêsantyå

nadyan bedå-bedå, têtêp nyawijiå

nunggal nuså, nunggal bångså

nunggal båså Indonesia.


Dhaerahe manekå warnå, adad lan budåyå

iku brånå kaskåyå kang adyå

tumrap bångså kitå

Indonesia Nuswantårå.


Wujudnå lan rinêksåå råså pasêduluran

guyub-rukun bêbarêngan 

têtalês kukuhing manunggaling bångså

datan gorèh ing salaminyå Indonesia MARDIKÅ!✊️🇮🇩


JM, lingsir wêngi, 08824

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN