GUSTI SINUNG NUGRÅHÅ

   kapacak uga ing 

https://www.facebook.com/share/5zZkmuK3rGYQqZHX/?mibextid=oFDknk

Gusti, Padukå sampun sinung nugråhå

nyawisakên alam saisinyå punikå

sarwå elõk kaangge pagêsangan 

samidene ambêtahakên sêsarêngan.


Pangèran Må' Wiseså kang angriptå

mranåtå endahing sajagat råyå.

Gusti, sinung grêgut prå umat-Nyå

trêsnå trusing driyå myang ciptå-ripta-Nyå.


Wit sing ulah manungså tan kinêndhali

angrusak, angêruk alam kang asri.

Srakahing manungså agawe miris

tan mrêduli myang mångså riris.


Alam nora manèh rumakêt mring kitå

mawantu-wantu tuwuhing bramantyå.

Oh, bayubåjrå lan banjir bandhang nggêgirisi

katandukake bêbåyå lan pati.


JM, minggu esuk, 25824

            ✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️

            [^__^]  [^__^] 


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

🎶 ISIH DUWE WÊKTU 🎶 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 𝕲. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN