DARMANING PANDHEGANING PRAJA
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/XrC86gm4jYrYWuyA/?mibextid=oFDknk
Nalika kita mandhegani panguwaos pikantuk panguwaosan ageng, kedahipun kita menggalihaken gesangipun tiyang kathah mliginipun ingkang dados wewengkon kita. Sangsaya inggil panguwaos, sangsaya ageng katentreman lan karaharjaning tiyang kathah ingkang dados tanggel jawab kang kapikul, punika sejatosipun ingkang dados darmaning pandheganing kaprajan.
Nanging emanipun sawetawis kathah para panguwaos utawi pangagenging kaprajan kesupen bilih panguwaosan ingkang punsandhang kalawau boten sanes inggih awit saking penyengkuyungipun para mitra kadang masarakat kathah nalika dipun wontenaken pagelaran jajag pamanggih ing Pemilu. Ingkang asring punpanggihi sasampunipun madeg dados pandheganing praja tata kapamimpinanipun boten kados janji-janji ingkang pungiyaraken nalika adu rancangan katanding kaliyan calon sanesipun, malah kepara nyebar PHP (pemberian harapan palsu ) nyempal saking janji rancanganipun. Sinaosa sadaya pangagenging praja temtu boten kados makaten.
Prelu punrumaosi lan asung puji sokur bilih satunggaling panguwaosan punika boten sanes awit nugraha ingkang punparingaken dening Gusti Allah ingkang kagungan panguwaosing jagat saisinipun. Mendah nentremaken menawi para pamong inggih para pandheganing praja wiwit saking tlatah dhaerah dumugeng pamarentahan pusat ngrumaosi lan ngugemi saha mituhu bilih panguwaosan ingkang punsandhang punika minangka titipan saking Gusti kang punpitadosaken dhateng pundhakipun.
Pramila sangsaya ageng nugraha kang sinandhang, sangsaya ageng tanggel jawab kang rinembat (punpikul). Mila punika ugi, lamun kita nyandhang panguwaos kita badhe kapatah (pinitaya) netepi darmaning pamong sageda nemtokaken katentreman lan karaharjaning masarakat, kita sageda minangka dados lumantaring berkah kangge tiyang kathah.
Sumangga, kagem para calon pandhega, calon pamong praja dhaerah dumugeng pamarentahan pusat sami ngèngeti darmaning kang mulya punika. Sampun ngantos nyebar PHP (pemberian harapan palsu 😜😜), sampun ngantos ndleya (nglirwaken wajib) saking tatanan paugeran ingkang sampun katemtokaken, temah gegayuhan masarakat adil makmur, kerta raharja sageda sinedya tumujweng Indonesia Maju. Mardika!✊️🇮🇩
nuwun..., nuwun... 👏
Salam tentrem rahayu
bagas saras kang linaras
bagya mulya kang pinangkanipun saking Gusti Kang Ma' Asih
Gusti amberkahi... Amin Amin 🙏🙏
JM, gagat bangun, 02824
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar