BUDIDAYA KUKUH
kapacak uga ing https://www.facebook.com/share/Rx8A199t73qY6zdt/?mibextid=oFDknk
Rikala wong lagi ngadhepi kasusahan / kasangsaran, bakal ngupaya kepriye carane bisa uwal lan mungkasi saka kasangsarane mau.
Temtu upaya kang prayoga klawan dalan kang bener lan becik, nora njur kanthi tumindak kang nerak wewaton tata krama kang bisa njalari kapitunane wong liya uga awake dhewe.
Conto sing bisa kita temokake yaiku Nelson Mandela tokoh misuwur ing negara Afrika Kidul kang tetep gareget lan kukuh datan kenal nglokro anggone mbudidaya/angupaya hak asasi kamanungsan tumrap kamardhikane rakyat kulit ireng kang wus katindhes mataun-taun dening bangsa kulit putih sing kondhang aran politik Apartheit.
Jalaran pambudidayaning kang kukuh mau Nelson Mandela ngalami kasangsaran urip sarwa kasusahan dikuya-kuya dening panguwasa bangsa kulit putih mlebu-metu kunjara. Kaya mangkono pambudidaya/pangupayane Nelson Mandela kang wusanane nuwuhake kasil bisa mujudake apa kang sinedya bisa kasembadan bangsa lan masarakat kulit ireng Asia Afrika oleh kamardhikan bebas saka ing polititik Apartheit.
Tuladhane kang bisa kita pethik nalika kita nandhang kasusahan lan kasangsaran udinen pangupaya kanthi dalan kang bener aja nyingkuri alangan ananging terusa kukuh pambudidayamu kanthi nyenyuwun mring Gusti Allah pinaringan bisa luwar saka ing kasusahan iku, pracayaa dene Gusti bakal nora negakake awit panyuwun kita adhedhasar tulusing nala.
Salam tentrem rahayu kang pinangkane saka Gusti Kang Ma' Kawasa.
Gusti amberkahi.... Amin Aminn 🙏🙏
JM, lingsir wengi, 12824
✍️ 𝖊𝕹𝕻𝖊 ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar