RANCANGAN GUSTI SARWÅ ENDAH SÈSTU
kapacak ugi ing https://www.facebook.com/share/p/j2phc3WEPThbkLoH/?mibextid=oFDknk
Rancangan Gusti jroning uripku
datan biså ginayuh dening pikirku.
Nadyan adõh såkå sêdyaku
rancangane Gusti sarwa endah sèstu.
Adhêdhasar Gusti jroning dongå panuwunku
tansah elõk ing wanci kang tinamtu.
Masiyå suwe ing pangantu-antu
rancangane Gusti sarwå endah sèstu.
Sanggyå pårå sutrêsnå kinasih,
èstu makatên kadyå kang tinampi lan pinanggih salêbêting lêlampahan ing gêsang kitå, sadåyå awit saking tinalêsan Sih katrêsnanipun Gusti. Mendah agung mukjijatipun Gusti, kitå datan sagêd gadug ing panggayuh punåpå ingkang dadõs kêrsanipun Gusti Allah Kang Måhå Waseså lan Måhå Asih.
Samukawis kadadõsan ing pigêsangan kitå rintên dalasan dalu, sanès bõtên sanès kajawi hamung saking rancangan ingkang sampun katêtêpakên awit saking karså lan kanugrahaning Gusti kêwålå.
"Dhuh Gusti Allah kawulå Kang Måhå Wêlas lan Måhå Asih, kêparêngå kawulå atur konjuk pujå aståwå ing ayunan Padukå.🙏 Padukå karså miyarsakên osiking manah kawulå tinêbihakên saking bêbujuk kang anggèndèng tumindak doså têmahan tansah wõntên ing margining kalêrêsan Allah Gusti kawulå. Kêparêng nyadhõng pangaksåmå saking sêkathahing dosâ tuwin kalêpatan kawulå.... Aminnn" 🙏🙏
Pinuji puji Gusti mugyå tansah pinanggih sarwå rahayu kang tinêmu,
bagas saras kang linaras,
bagyå mulyå kang jinångkå,
ayêm têntrêm kang ginêgêm.
Gusti ambêrkahi...., Amin Aminnn 🙏🙏
JM, lingsir wêngi, 24624
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar