GUMRÊGUTÅ MACUL
Gumrêgutå macul têgalan lan pasawahan
ilènånå banyu ing palêmahan
têmah lêmah kang gêmbur
sumadhiyå tinandur.
Winih enggalå sinêbar
binarung rabuk gumêlar
mrih thukul klawan subur
têmah awõh makmur.
Samångså ngênèni wus praptå
pari nyawiji kuning enggalå
pinêthik klawan sukårênå
awit iku kabèh sinung nugråhå.
Ayo angucap sokur pujå aståwå
wit nugråhåning Gusti Må' trêsnå
unjuknå asil panèn ing ayunanNyå
minångkå pujastuti panuwunirå.
JM, gagat bangun, 19624
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar