NADYAN GUMURUH OMBAK lan BAYUBÅJRÅ
Nadyan gumuruh ombak lan bayubåjrå
palwå kaêyun, kuwur ing nålå.
Nadyan ora kuwåwå, t'rus budidåyåå
sakawit susah, wusanane bungah samyå.
Jroning palimêngan datan sõrõting cahyå
duhkitå datan kêndhat anrajang samyå.
Tansahå gumrêgut åywå kêmbå
bakal tinêmu bagyå sukårênå.
Bayubåjrå lan ombak wus mêndhå
kuwur ing ati gumanti têntrêm wråtå.
Rêrêpèn juru amèk iwak kêprungu ngeglå
mratandhani gisik wus praptå.
‐----------------------
sõrõgan :
bayubåjrå = badai, angin gêdhe
palwå = prau
kaêyun = digoyang
kuwur = bingung, kuwatir
kuwawa = kuwat, kuwagang
palimêngan = pêpêtêng
kêmbå = kapõk, sudå
mêndhå = sudå, kandhêg
rêrêpèn = nyanyian, kêkidungan
juru amèk iwak = nêlayan
ngeglå = katõn cêthå
gisik = pinggir sêgårå
JM, pajar-sidik, 15624
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar