PRANATAN KANG ORA MBELANI KAWULA ALIT

   kapacak uga ing https://www.facebook.com/100053518547586/posts/pfbid02Fsaq18YwQGbkg5HTUMH37S3cTStDgEpiJfxBqFtobkogT52m6sCthLHJJu6UGdb5l/?mibextid=Nif5oz

Kadadean ing wektu pungkasan iki sangsaya akeh pra kawula alit diregoni prakara-prakara sing marakake ngelus dhadha. Sawetara ora sethithik undhang-undhang iya tekan panetepan-panetepan pamarentah kawetokake sing diwungkus jarene kanggo karaharjane rakyat nanging wusanane gawe abot sanggane kawula cilik.

Panetepan UKT dadi kisruh marga pancen larang tenan wragad kuliah, PPN (pajek pertambahan nilai) saperangan barang kabutuhan pokok mundhak.

Sadhengah panetepan-panetepan liyane klebu rancangan mupu dhana saka pengasilane masarakat kanthi alesan kanggo nyedhiani papan omah ing wanci purna bekti (pensiun) sinebut 'Tapera' uga gawe sengsarane para pakarya resmi (formal) lan ora resmi. 


Kang miris tenan kabar dirampase hak palemahan masarakat adat ing tanah Papua kanthi mbabadi alas saprelu kanggo menehi hak tanem klapa sawit mring pihak swasta tanpa sarujukan dhisik karo masarakat adat.

Bilai para pangwasa kang padha ngrancang tatanan-tatanan iku kanggo kapentingan golongane, lan nglirwakake kapentingane masarakat lan apa maneh yen nganti sekuthon ngunthetake dhana proyek alias korupsi iya marga prakara iku ana ing pangwasane. Iku mijil saka jalaran melik palemahan/pategalan, iya tumuli ngrebut, lan pomahan, iya banjur dirampas bae, kang ngroda-peksa wong dalah saisi omahe, wong satanah-pusakane lsp lsp.


Hak pensiunan asil simpenane puluhan taun kang dirampas kanthi alesan nylametake badan pranatan asuransi nanging nyengsarakake para pensiunan sing ora duwe daya. Badan pranatan asuransi sing megap-megap ora kuwat bayar kewajibane jalaran dikorupsi pandhegane temah sing dikurbanake para nasabahe, tetela ing kene kaadilan ora ana kanggone wong cilik.


Akeh conto-conto sing nelakake dene keadilan ora mbelani/mihak mring kawula alit, anane mung nguya-uya kawula alit pira-pira mbelani hak-hake. Nganti kapan kahanan kaya mangkene iki bisa karampungake? Coba takokake marang sesuketan sing padha ngeyun/goyang, ya bisane mung nggeget driji.


JM, madya raina, 09624

          ✍️ eNPe ✍️

         [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN