PITUTUR_AGUNG
("Nuwun para kadang sutresna, kepareng kula atur klumpukan pitutur Agung saking saperangan kathah sumber kapustakan Jawi mawi basa ngoko")
“Sugih ngèlmu tanpa meguru”
Pitutur bab kaluhuran budi bisa maujud hamung amarga kapribadèn kang luhur datan saka sinau
“Wong tuwo kang ora gelem mamulang marang putra wayahé, iku dudu wong tuwa”
Pitutur tumrap kulawarga, samangsa wong tuwa durung bisa anggulawenthah dhidhik putra wayahé, nora mèmper sinebut wong tuwa.
“Golèk jodho aja mung mburu éndahing warna, bibit bèbèt lan bobot dènnya ugemi ”
Pitutur tumrap kulawarga pratéla golèk jodho iku aja hamung mburu kang élok rupané baé, prelu mangretèni asal-usulé kulawarga, duwèni kapribadèn kang luhur lan kawasisan anggoné dadi jejering kepala kulawarga
“Tumrap wong wadon, anak kang dadi wohing among asih”
Pitutur tumrap kulawarga mratélakaké déné minangka Ibu, anak iku mujudaké wohing sih katresnan.
“Putra wayah wulangen marang kautaman, perdinen susilèng tata, supaya gawé pepadhanging kulawarga”.
Pitutur éndah sajroning pendhidhikan ; gulawenthahen putra wayahmu tumujweng kautaman, budi pakerti lan tata susila, murih bisoa dadi cahya lan mulyaning kulawarga.
“Marang garwa kang gendhon-rukon sekaroné”
Pitutur tumraping kulawarga déné garwa sarimbit kakung-putri kudu tansah rukun sih-sinihan nedya bagya mulyaning bebrayan.
“Asu gedhé menang kerahé”
Pitutur kang mratélakaké yèn panguwasa kang tansah rumangsa menang katandhing wong cilik.
“Kebo lumumpat ing palang”
Pitutur kang mratélakaké pepindhan déné panguwasa kang nerak pepakon sing digawé dhéwé.
“Negara mawa tata, désa mawa cara”
Pitutur kang mratélakaké yèn ta saben negara / tlatah iku duwèni adat / kebiasan / budaya / sifat / pakon kang béda-béda antarané siji lan sijiné prayoga urmat-kinurmatan murih santosa
“Yitna yuwana léna kena, sing sapa léna bakal cilaka”
Pitutur supaya kita tansah waspada, amarga lamun nganti kurang pangati-ati bisa kataman bebaya
“Kudu angon wektu, tumindak kudu manut kala mangsa”
Pitutur nuladhani supaya anggon kita tumindak apa baé tansah ngélingi wektu lan papan kanthi permati lan satiti
“Aja lèrèn lamun durung sayah, aja mangan lamun durung luwé, aja lali karo asalé”
Pitutur kang mratélakaké déné aja énggal-énggal ngaso / marem yèn durung rampung bisa-bisa gawé léna, gedhé prihatina ing ngaurip yèn wus rumangsa kasil gegayuhanira aja gumunggung
“Sedulur iku apik kabèh darbé panjangka amrih rahayu
Pitutur mratélakaké paseduluran kabèh sarwa becik lamun padhadéné duwèni sedya anuju kabagyan & karahayon
“Aja mung mélik gebyar, aja mung nggedhèake puluk, aja nganti kepatèn pasaban”
Pepindhan iki gambaraké déné kita aja cepet-cepet gumun mring kang katon méwah, aja hamung nengenaké kabutuhan badan baé supaya nora kélangan rejeki
“Cecengkilan iku ngadohaké rejeki”
Pepindhan iki mratélakaké dene manungsa sing seneng drengki lan gawé pitenah mujudaké patrap kang malah bisa ngedohaké saka rejeki
“Jagad ora mung sagodhong kélor, karebèn nggremet waton slamet”
Mituduhaké supaya urip iku tansah semangat, awit donyaning ngaurip iku jembar. Gegayuhan kudu udinen temah bisoa kasedya kanthi sabar aja grusa-grusu
“Kaya mimi lan mintuna”
Tegesé sih katresnan bapa lan biyung, aja nganti bubrah ora karuwan ananging kudu tansah rukun. Sih katresnan mau bisoa tumekaning anak-anak, iya sih katresnan antaraning wong tuwa lan anak, kakang-adhi, lan suwaliké anak anak urmat lan bekti mring wong tuwa
“Kacang mangsa ninggal lanjaran”
Ateges, watak lan solah-tingkah anak biasané tumurun saka wong tuwané. Iki ateges uga wong tuwa kudu tandang-tanduké sarwa becik supaya anak-anak nora nulad lan rumangsa tentrem ing jroning kulawarga
“Aja mburu menangé dhéwé”
Ngandhut piwulang aja seneng meksa karepé dhéwé mring liyan lan rumangsa menang dhéwé
“Aja gugu karepé dhéwé”
Aja seneng tumidak saénaké dhéwé
bisa gawé kapitunané liyan
“Aja golèk menangé dhéwé, Dalan gawat becik dèn-simpangi.”
Aja seneng mburu menangé dhéwé supaya nora kadadéan apa kang kurang prayoga. Sabisa-bisa singkuren jroning padhébatan karo wong2 kang duwèni watak menangé dhéwé.
“Ngono ya ngono, ning aja ngono”
Duwèni teges arepa ngadhepi kahanan kang nora sarujuk karo wong liya, sabisa-bisa aja nganti gawé seriking ati
“Nuladha laku utama”
Ngandhut piwulang kudu bisa niru solah-bawa lan pratingkah kang utama lan becik, sing ala singkuren
“Ngèlmu iku kalakoné kanthi laku”
Yèn duwé gegayuhan supaya pinter ya kudu sregep sinau
“Aja dadi wong kang kuciwa uripé, Iku dudu wong kang utama “
Dadi wong iku aja tansah kebak rasa kuciwa amarga bisa njalari sifat wong nora wicak
“Sekti tanpa aji, menang tanpa ngasoraké”
Sabisa-bisa arepa bisa menang aja nganti lawan rumangsa dikalahaké lan nora gawé asor martabat &
ajining dhiri
“Giri lusi janma tan kena kinira, kudhi pacul singa landhepa.”
Dadi wong aja banget olèhé ngukur kekuwataning liyan, amarga kepriyéa menèh kaprigelané wong beda-2. Karana iku lamun ana adu kawasisan ing sawijining kakuwasaan, ya hamung kang duwèni kawasisan sing kasil
“Yèn krasa énak mandhega, Yèn krasa ora énak terusna, Yén ana bapang sumimpanga.”
Kaprayogakaké kita tetep bisa tumindak urip prihatin, sederhana lan kendhalèni hawa nepsu iya samangsa sedhih utawa seneng. Yèn nemoni alangan kang mbebayani kaslametan luwih prayoga diéndhani lan disingkuri.
“Téga larané ora téga patiné.”
Piwulang kang mrayogakaké éwondéné kita nesu banget mring wong liya, ananging aja nganti téga andadèkaké cilakaning wong liya
“Sing dawa ususé. Sing sapa lali marang kabecikaning liyan, iku kaya kéwan.”
Pitutur ing pasrawungan, kita kaprayogakaké dadi wong iku sing sarèh lan sabar, aja ngumbar kanepson, aja gampang kena ing bujuk. Sing sapa lali marang kabecikane liyan, wong iku duwèni watak kayadéné kéwan.
“Sing éling lan waspada.”
Pitutur kang ateges, ana ing kahanan apa baé kang diadhepi, ing ngendi lan kapan baé iya arepa angèl utawa gampang aja grusa-grusu sing sabar lan satiti
“Yèn sira wus mawikani (mikani) alamira pribadi, mara sira mulanga marang wong kang durung wikan.”
Piwulang kang tegesé lamun kita wus bisa ngendhalèni lan nyumurupi kahanan pribadi kita, prayogané bisoa mènèhi conto mring wong liya sing durung nyumurupi
“Ngèlmu kang nyata, kaya reseping ati. Ngudi laku utama kanthi sentosa ing budi.”
Pitutur bab solah-tingkah, déné tumindak kang bener, bisa gawé ati kita tentrem, tansaha tumindak becik kanthi ati kang santosa.
“Ngundhuh Wohing pakarti. Becik ketitik, Ala ketara”
Sawijing piwuláng, wong bakal methik asil saka ing tumindake dhéwé-dhéwé. Tumindak kang becik bisa kawistara, samono uga tumindak ala iya bakal kasumurupan
“Sing lali marang panggawé kang becik bakal nemoni cilaka”
Pitutur solah-tingkah, sing sapa nglalèkaké tumindak kabecikan bakal nemoni kapitunan
“Sing sapa wedi ing luput wani ing bener, iku klebu manungsa linuwih “
Sing sapa wedi agawé luput ananging wani tumindak bener, mangkono iku klebu manungsa kang luhur bebudèné
“Abot ènthèng saka panggawéné dhéwé “
Pitutur kamanungsan, déné abot ènthèngé panguripan iku gumantung saka dhiri manungsa iku dhéwé
“Gusti Allah nitahaké sira iku lantaran biyungira, mula urmatana biyungira “
Pitutur karohanèn, mratélakaké kita (manungsa) iku karipta lumantar sang Ibu, mulané iku kita wajib urmat lan nresnanana mring Ibu
“Padudon kalawan sadulur iku ora becik, mula aja seneng padudon kalawan sadulur”
Pitutur silaturahmi mratélakaké memungsuhan ing antarané sadulur iku babar pisan nora becik bisa gawé congkrahé lan bubrahé kulawarga, mulané iku aja seneng regejegan mring sadulur dhéwé.
“Sabegja-begjané kang lali, luwih begja kang éling lan waspada”
Pitutur kang nélakaké, sanadjan wong lali tumiba begja, ananging isih luwih apik wong kang tansah éling lan waspada.
“Dalané waskitha iku saka nitèni”
Sawijining pepéling uriping manungsa, dene wong kang kaanggep bisa ngawikani bab-bab kang durung kadadéan (waskitha) bisa kelakon jalaran kaprigelan lan kawasisané anggone anyipati lan nitèni nganti bisa agawé rancangan
“Nglurug tanpa bala, Sugih ora nyimpen, Sekti tanpa maguru”
Pitutur bab panyerangan kang tanpa wadya bala, kasugihan tanpa duwèni bandha, lan kadigdayan tanpa meguru mratélakaké manungsa aja gumunggung
“Mumpung anom ngudiya laku utama”
Sawijining pitutur, mumpung isih anom, tansah ngupadiya tumindak sing becik dhéwé dadi jejering dhiri ing sawernaning bab sing sarwa apik.
“Kebak sundukané. Kebat kliwat”
Sawijining pepéling, yén sejatiné wus akèh banget tumindak dosa/jahat. Aja sembrana lan grusa-grusu, karebèn nora mlèsèt mring pancasan kang arep diajap
“Ngilo-a githok-é dhéwé. Sing bisa nggedhong napsu. Sing uwis ya uwis.”
Pitutur ing ngaurip, déné prayogané kita bisa nyumurupi kakurangan/aib dhiri kita dhéwé. Sabisa-bisa kendhalènana hawa nepsu kita. Lan sing wus kelakon ya uwis bèn baé
JM, gagat enjing, 10624
klinumpukaké déning
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar