BOCAH CILIK NGALAMI GANGGUAN JIWA
Wonten kadadosan kang adamel mirising manah pinanggih ing WA grup sampun 8 taun kepengker ing ngriku kacariosaken mawi basa Indonesia nasibing laré wadon alit ingkang mrihatosaken. (duka seratanipun asli sinten keparenga kula nyuwun idi ambage mawi bs. Jawi). 👏
Émanipun ing carios wau boten sinebataken naminipun komplit laré wau. Éwasemanten mugi carios puniki sageda migunani kanggé pangatos-atos lan pepémut tumraping para tiyang sepuh.
Makaten carios kadadosanipun;
(nuwun sèwu mawi basa ngoko👏)..,
Dina iki aku menyang rumah sakit saprelu tilik anaké kanca sing nembé sakit. Kancaku iki wanita mapan lulusan S-2 sawijining univ kondhang. Anaké wadon ayu umuré wetara enem taunan. Ora lali aku nggawa olèh-olèh boneka/golèkan. Wektu aku teka dhèwèké éling yèn aku kancané ibuné.
"Bu Siti nggih?"
"Iya wuk !", wangsulanku kanthi trenyuh jalaran kok ngélingi aku kamangka aku arang ketemu.
"Bu Siti... mangga.. 42 : 6, ana pira?"
"ndonga yèn arep ma'em?" lsp.. bla..bla..
Banjur bocah iku nirokaké gayané guru anggoné mulang ing kelas.
Nirokaké carané senam njur nyanyi lagu "5x5 ana 25", sabanjuré ngucapké donga ngarepaké ma'em.
"Bu Siti.. mangga.. damel ukara... aku arep budhal sekolah sawisé iku mulihé menyang mall, apa bisa?"
Wahh!! Lucu?? Pinter??
Bokmanawa kaya mangkono kang ana ing batiné kanca-kanca kang keprungu lan nyipati ocèhané bocah wadon mau.
Kocapa sajroning aku ana ing kono ibuné malah mbrebes mili karo ngusap eluhé.
Yaa.. aku mèlu prihatin banget putriné nandhang lara kaya mangkono. Lho lara apa? wong awake katon seger lan lincah?
Sing cetha dudu sabarang lelara kaya salumrahé bocah-bocah, dudu influénsa, watuk-pilek lan liya-liyané.
Aja kagèt para kadang... aku nekani tilik ora ing rumah sakit biasa, nanging olehku tilik ing Rumah Sakit Jiwa Jakarta Timur. Apa ta sing sabeneré kedadéan??
Sawetara minggu iki bocah iku pijer nangis baé. Yèn ditakoni apa baé.., wangsulané ngayawara, "7", "24:6=4", "How are you?" lan wangsulan-wangsulan liyané kayata aksara hijaiyah.
Dikanthèni karo nirokaké gayané guru mulang.
Miturut psikolog, bocah iki kakèhan dijejeli ing pasinaoné... dhèwèké diélokaké lès werna-werna, lès matematik kursus-kursus sing kudu bisa ngapalaké sabuku sajroning 10 menit...wahh?? 😳
Uga lès Bahasa Inggris, nggarap PR sekolah, lès ngaji lan liya-liyané kang ndadèkaké bosen banget.
Bocah iku gelemé crita karo psikolog-é, yèn ditakoni wong liya klebu ibuné wangsulané angka-angka, basa Inggris lan wulangan ngaji... piyé jal apa ora judheg dadi wong tuwané.
Yèn ketemu wong sing manganggo seragam guru sanalika kewedèn.
Sing banget nrenyuhaké nalika nyipati ibuné sesenggukan nangis, bocah mau mung ngucap :"Ibu aja muwun.. aku rak pinter ta.. ning aku emoh bobuk karo ibu ya.. aku gelemé bobuk karo dhokter gantheng utawa ayu waé.." dhegg !!.. sapa sing ora trenyuh keprungu celathuné bocah wadon mau.
Ing kono pancèn kamar VIP mula ana dhokter/perawat sing tansah ngancani.
Jebulané ana watara 5 bocah cilik sing mlebu rumah sakit jiwa iku.. nanging dhèwèkè cilik/enom dhéwé... liyané umur 12 taunan amarga broken home.
Ya mung dhèwèké sing nandhang gangguan jiwa kakèhan olèhé dijejeli sinau.
Bener-bener mesakaké lan mrihatinaké!😒
Pepéling kang banget migunani mring para wong tuwa supaya ngélingi tetepa anggatèkaké urutan owah-owahan umuré anak, umur TK samesthiné umur-umuran wanciné dolanan, senadyan sinau kudu dikanthèni mawa dolanan, aja ngurbanaké anak kita amarga ADRENG kita minangka wong tuwané.
Paringana kelonggaran anggoné dolanan karo kanca-kancané sabarakan lan sabisa-bisa paringana kenangan éndah mangsa cilikané...
Eliding pepémut :
Bapa-ibu... cobi kita semak, kita renungaken.. nyekolahaken para putra kinasih boten kok kepéngin pikantuk alem saking tiyang sanès, "Wah putrané sekolahé kondhang dadi rebutan", nanging menawi saged prayoginpun tansaha ndangu :"Piyé seneng apa ora sekolah nang kono, pénak lan nyenengake apa ora kanca-kancamu lan gurumu?" Émut.. ingkang sekolah punika anak kita... sanès kita!
Makaten pepémut ingkang kacariosaken saking WA wau. Mugya migunani!
JM, parak ésuk, 110624
rinoncé déning
✍️ èNPé ✍️
[^__^] [^__^]
Diambìlkan dalam kisah berivkut :
Ada kejadian yg membuat miris di hati ketemu di WAgrup kira2 sdh 8 th yl. Disitu diceritakan nasibnya anak kecil perempuan yg memprihatinkan. (gak tahu itu tulisan aslinya siapa, saya mhn ijin utk membagikannya lagi)👏
Sayangnya dlm cerita tsb tdk menyebutkan nama lengkap bocah itu. Meskipun dmk cerita ini dpt berguna utk ber-hati2 dan dpt mengingatkan para orang tua yg masih mempunyai anak kecil.
Ceritanya demikian kejadiannya,
Hari ini saya pergi kerumah sakit bermaksud bezuk anaknya teman yg lagi sakit. Temanku ini wanita mapan lulusan S-2 sebuah universitas ternama. Anak perempuannya cantik umur +/- 6 tahunan. Tidak lupa saya bawa oleh2 boneka. Sewaktu saya datang dia ingat kalau saya teman ibunya.
"Bu Siti ya?"
"Iya ndhuk!", jawabku dengan haru karena kok ngingat saya ya padahal jarang ketemu.
"Bu Siti... mari... 42 : 6, ada berapa?" "ayo doa mau makan!" dsb dsb.. bla.. bla..
Kemudian anak itu menirukan gaya gurunya waktu ngajar di kelas.
Menirukan caranya senam lalu nyanyi lagu "5x5 ada 25", selanjutnya mengucapkan doa mau makan.
"Bu Siti.. silahkan bikin kalimat,.. "Aku mau berangkat sekolah setelah itu pulangnya ke mall, apa bisa..?"
Wahh!! Lucu?? Pinter??.. heemm..??
Mungkin seperti iulah yang terbersit di hati teman2 yang mendengar dan menyaksikan ocehan anak perempuan itu.
Disampaikan bahwa selama saya disitu ibunya malah nangis bercucuran air matanya.
Yaa... saya turut sangat prihatin putrinya menderita sakit seperti itu.
Lho sakit apa ta? orang badannya nampak sehat2, segar dan lincah begitu?
Yang jelas bukan sakit sembarang sakit seperti anak2 bukan sakit flu, batuk pilek dsb. Bukan!
Jangan kaget saudara2... saya datang bezuk bukannya di rumah sakit biasa, tapi saya bezuk di RS Jiwa Jakarta Timur.
Apa sih yang sebenarnya terjadi??
Dicritakan pula, beberapa minggu ini anak perempuan kecil itu selalu nangis. Kalau ditanya apa aja jawabnya "7!" 24:6 =4", "How are you?" dan jawaban2 lainnya seperti huruf hijaiyah. Dibarengi dengan meniru gaya gurunya waktu ngajar. 😭😭
Menurut psikolog anak. bocah ini kebanyakan dijejali dalam belajarnya... dia diikutkan les macam-macam, les matematik, kursus2 yg harus bisa menghafal satu buku dalam 10 menit... wahh?? 🫡😮💨😮💨
Juga les bahasa Inggris, masih harus ngerjakan PR sekolah, les ngaji dan lain2nya yang akhirnya menjadikan bosan akhirnya jadi stress!🤩
Lebih lanjut psikolog berpesan, berilah anak2 kesempatan bermain bersama teman2nya sesuai dg perkembangan usianya.
Selanjutnya diceritakan anak tsb maunya cerita sama psikolog anak, kalau ditanya orang lain termasuk ibunya jawabannya angka2, bhs Inggris dan pelajaran ngaji.... bagaimana coba kalau tidak bikin pusing orang tuanya dan orang terdekatnya.
Kalau ketemu orang berseragam guru seketika ketakutan.
Yang sangat memprihatinkan, ketika ngelihat ibunya menangis, anak itu hanya mengucap :"Ibu, jangan nangis.. aku kan pinter ta... tapi aku tidak mau bobuk sama ibu ya.. aku maunya bobuk sama dokter ganteng atau yg ayu saja.." degg@!.. siapa yang tidak terpukul dan terharu mendengarnya?🫡😥
Memang disitu ruang perawatan VIP yang selalu ada dokter atau perawat yg mendampingi.
Di rumah sakit tsb ternyata ada 5 bocil yang dirawat... tapi anak kecil perempuan itu termasuk yang termuda... lainnya umur 12 tahunan dikarenakan broken home.
Yaa... hanya dia yang terganggu jiwanya akibat dijejali belajarnya.. belajar! belajar! waktu bermainnya sangat sangat kurang!
Benar-benar kasihan dan memprihatinkan!!
Semoga kisah nyata ini menjadi pengingat yang berguna bagi para orang tua yang masih mempunyai anak kecil. Ingatlah bahwa urutan usia anak2 mempunyai masa yang harus diperhatikan. Umur TK semestinya umur-umuran saatnya bermain, walau dmk bermain sambil belajar harus imbang. Janganlah mengorbankan anak kita tercinta hanya karena keinginan yang kuat kita selaku orang tua.
Berikan kelonggaran dalam bermain dengan teman2 sebayanya dan berikanlah kenangan indah masa kecilnya..
Hal yang bisa dipetik dari kisah ini,
Ayah-ibu muda.. coba disimak dan direnungkan.. nyekolahkan anak2 terkasih bukannya kok kepingin dapat alem atau pujian dari orang lain, "Wahh, anaknya sekolahnya terkenal yang jadi rebutan!" Tapi sebaiknya jangan lupa selalu menanyakan "Gimana nak apakah senang sekolah disana, teman2nya apa menyenangkan, gurunya kalau mengajar apakah enak dan mudah dimengerti?" dsb dsb.. Ingatlah bahwa yang sekolah itu anak kita!... bukannya kita! 🤫
Demikian pengingat yang diceritakan di WA tsb. semoga berguna bagi kita semua supaya tidak ada lagi seperti anak perempuan dlm kisah tsb.
Komentar
Posting Komentar