ÅNÅ NGÊNDI KADIGDAYAN KITÅ?
*Lair* : olèh pitulungan såkå wõng liyå.
*Jênêng* : diparingi déning wõng liyå.
*Pawiyatan/pêndhidhikan* : ditåmpå såkå wõng liyå.
*Gaji/pêngasilan* : ditåmpå såkå wõng liyå.
*Kaurmatan* : diwènèhi déning wõng liyå.
*Disirami sêpisanan* : ditandangi déning wõng liyå (bayi lair).
*Disirami pungkasan* : ditandangi déning wõng liyå (layõn).
*Båndhå sawisé tilar donyå* : dadi darbèké wõng liyå.
*Pamêtakan/panguburan* : ditandangi déning wõng liyå.
Sanyatané wiwit lair nganti tumêkané kapundhut déning Gusti, kitå mbutuhaké wõng liyå.
Kita wiwit anggagas lan tinarbukå ing pikir déné urip iki mbutuhaké wõng liyå.
*ÅNÅ NGÊNDI KADIGDAYAN KITÅ?*
Pranyåtå, kitå ora ånå apa-apané tanpå "WÕNG LIYÅ".
Tuladhané kang biså kapêthik :
Tansahå rukun mring såpå baé amargå kitå ora biså mangrêtèni kapan kitå mbutuhaké pitulungané såkå wõng-wõng liyå.
JM, lingsir surup, 130624
✍️ èNPé ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar