ESUK KANG SUMYAR
Esuk kang sumyar rasaning kalbu
anambut têkamu.
Dak nyanyèke kêkidungan mêrdu
myang riptaning Sang Hyang Wisnu.
Ing ngare endahe sêsêkaran
ijone patêgalan dalah sêsawahan.
Wånåwåså gumêlar ambå
karyå agung astaNyå.
Ibå ajaib kwasane Hyang Waseså
datan ånå tandhingannyå
Dirgantårå, bawånå saisinyå
karyå agung astaNyå.
Kartikå, cåndrå, radityå
dharatan tuwin samudrå.
Sang Hyang Waseså kang anyiptå
payo amulyaknå asmaNyå.
JM, gagat rainå, 01624
✍ eNPe ️✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar