TANAH KÊLAIRAN NUGRAHANING GUSTI
Gusti kang paring nugråhå kitå sabångså,
tanah kêlairan kêrtå raharjå.
Ugå dhemokrasi prå kawulå
ing wêwêngkõn Indonesia Nuswantårå.
Gusti, kêparêngå mêmucal kawulå,
murih lantip wicaksånå dumadi pribadi tinarbukå.
Samidene gumrêgut linandhêsan asih trêsnå,
manunggal raõs ambangun guyub rukun sabångså.
Patrap adigung såhå srakah
nyêpèlèkên kaadilan kang sah.
Wit margi napsu angkårå murkå,
ngalalakên tatanan ukum rimbå.
Dhuh Gusti, kawulå èstu sêmbrånå,
gumunggung ngandhêlakên dhiri kêwålå.
Ngantõs kagèndèng pangrimukan,
kajlungup ing jurang kasangsaran.
Gusti, kêparêng ngawikani kawulå sabångså,
kaombang-ambing ing godhå,
nyuwun tinêbihakên saking bêbêndu Padukå,
linuwaran saking sêkathahing prahårå.
JM, lingsir wetan, 07624
✍️ eNPe ✍️
[^__^] [^__^]
Komentar
Posting Komentar