ORA S A B A R

   kapacak uga ing https://m.facebook.com/story.php?story_fbid=pfbid02ACkqjFSYUgQQwDo8ScWsmJachTjVfM1QnsnVUACSTUQV4qwQtzZxv1z9JrEVMdLdl&id=100053518547586&mibextid=Nif5oz

Tumraping saperangan wong akeh, gawean nunggu/ngenteni iku sawijine gawean sing ora nyenengake jalaran rumangsa ora ana pepesthen lan ora bisa ngendhaleni wektu kang rumangsa kabuwang.

Kalamangsa sajroning nunggu kita milih dalan nrabas, conto sing asring kadadean nyelak/nyrobot antrian merga wus ora sabar kanthi alesan selak kesusu. Iya krana ora sabar iku kang dadi jalaran ora becik, bisa marakake regejegan, padudon, eyel-eyelan nganti tumeka tumindak kang nerak tatanan urip ing tengahing masarakat, 

 - ora sabar njalari kacilakan ing dalanan

 - ora sabar bisa njalari adu jotos antaraning klompok

 - ora sabar bisa njalari colong jupuk, yasa jati dhiri palsu uga tumindak korupsi

 - ora sabar bisa milara lan nganti merjaya mitra kadang lan sasama.

Akeh tumindak-tumindak ora becik mung jalaran ora sabar.


Gusti Allah minangka panguwasa kauripan kang ngasta kendhali wektu/mangsa lan kang ngrancang ambuka jaman mengkone ya jaman pengarepan. Jaman samengko iki ing tengahing kauripan arcapada kang sarwa ora temtu lan ora kapesthekake miturut petungane manungsa, nalika kita  kagendeng rasa kuwatir marang dina mbesuke, apa kita kanthi sabar nggumantungake lan sumendhe urip kita marang Gusti Allah kita kang Maha Kawasa?

Temtu pitakonan iku kita dhewe kang bisa mangsuli kanthi jujur.


Para kadang sutresna, sumangga kita samya tansah atur pujastuti lan tansah nenuwun dhumateng Panjenenganipun panuntun, panganthi dalah pangayoman  lan pandoman gesang pinaringan sabar nampi samukawis pacoban, awit kita pitados bilih Gusti boten badhe nilar kita ingkang tuhu bekti, kumandel lan bangun turut mring dhawuhipun Gusti.


Salam tentrem rahayu mugya kajiwa lan kasalira mring kita sanggya para umating Gusti kang tinresnan.., Gusti amberkahi.... Amin Aminnn 🙏🙏


JM, pajar sidik, 17624

           ✍️ eNPe ✍️

          [^__^]  [^__^]


Komentar

Postingan populer dari blog ini

PANGAJENG-AJENGING MASARAKAT WONG CILIK

đŸŽ¶ ISIH DUWE WÊKTU đŸŽ¶ 𝕰𝖇𝖎𝖊𝖙 đ•Č. 𝕬𝖉𝖊

KEDUWUNG TANSAH KASUMURUPAN SAWUSÉ KADADEAN